1
HOSEA 9:17
Kitab Sutji
JAV
Bakal padha katundhung dening Allahku, marga ora padha ngrungokake marang Panjenengane, mulane bakal padha nglembara ana ing antarane para bangsa.
Compare
Explore HOSEA 9:17
2
HOSEA 9:1
He Israel, aja giyak-giyak! Aja surak-surak kaya bangsa-bangsa liya! Awit sira wus laku bedhang, lan ninggal Gusti Allahira, opahane bedhangan kang sira senengi, ana ing sakehe papan panutoning gandum.
Explore HOSEA 9:1
3
HOSEA 9:7
Wus tumeka ing dinaning paukuman, wus tumeka ing dinaning pamales, Israel bakal ngalami, “Nabi iku wong gemblung, wong kang kapenuhan ing roh, iku owah!”, marga saka gedhene kaluputanira lan marga saka bangete anggonira memungsuhan.
Explore HOSEA 9:7
Home
Bible
Plans
Videos