1
IBRANI 6:19
Kitab Sutji
JAV
Dene pangarep-arep iku minangka jangkaring nyawa kita kang kukuh lan santosa, kang wis ditibakake tekan saburining gubah
Compare
Explore IBRANI 6:19
2
IBRANI 6:10
Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.
Explore IBRANI 6:10
3
IBRANI 6:18
supaya marga prakara loro kang tetep, mokal manawa Gusti Allah cidra, kita kang ngupaya pangayoman, oleh pangatag-atag kang kuwat amrih nggayuh marang pangarep-arep kang kagantungake.
Explore IBRANI 6:18
4
IBRANI 6:1
Marga saka iku payo padha ninggal wiwit-wiwitaning dhasar-dhasare piwulang bab Sang Kristus sarta padha nerusake candhake satutuge. Kita aja nganti masang maneh tetalesing pamratobat saka tingkah laku kang muspra, sarta tetalesing pracaya marang Gusti Allah
Explore IBRANI 6:1