1
IBRANI 10:25
Kitab Sutji
JAV
Kita aja ngedohi pakumpulan-pakumpulan pangibadah kita, kaya pakulinane sawenehing wong, ananging payo padha eling-ingelingake, sarta ngarepake dinaning Gusti kang saya cedhak iki disaya mempeng anggon kita tumindak ing gawe.
Compare
Explore IBRANI 10:25
2
IBRANI 10:24
Sarta mara padha engon-ingengon, supaya padha atag-ingatag ing katresnan lan ing panggawe utama.
Explore IBRANI 10:24
3
IBRANI 10:23
Dikukuh anggon kita padha ngandhemi sahadating pangarep-arep, jalaran Panjenengane, kang mrasetyakake iku tuhu setya.
Explore IBRANI 10:23
4
IBRANI 10:36
Sabab kowe butuh sabar mantep, supaya sawuse kowe nglakoni karsane Gusti Allah, padha oleha apa kang wis kaprasetyakake.
Explore IBRANI 10:36
5
IBRANI 10:22
Mulane payo padha sowan ing ngarsane Gusti Allah kanthi ati kang temen lan eklas sarta kalawan kayakinan ing pracaya kang kukuh, amarga ati kita wus karesikan saka rumasaning ati kang ala lan badan kita wus kaedusan kanthi banyu kang resik.
Explore IBRANI 10:22
6
IBRANI 10:35
Kang iku aja padha mbuwang pracayamu, amarga bakal gedhe ganjarane.
Explore IBRANI 10:35
7
IBRANI 10:26-27
Jalaran manawa sawise tampa kawruh ing bab kayekten kita njarag gawe dosa, mesthi ora ana kurban maneh kanggo mbirat dosa iku. Ananging kang ana yaiku panganti marang paukuman kang nggegirisi sarta geni kang mulad-mulad kang bakal ngobong sakehing wong kang duraka.
Explore IBRANI 10:26-27