1
HABAKUK 1:5
Kitab Sutji
JAV
Padha mawasa lan nggatekna ana ing antarane para bangsa, gumuna lan padha njengera, dene Ingsun nindakake sawijining pakaryan ing jamanira kang manawa kawartakake marang sira, sira mesthi ora ngandel.
Compare
Explore HABAKUK 1:5
2
HABAKUK 1:2
Dhuh Yehuwah, taksih pinten dangunipun malih anggen kawula sambat-sambat, nanging Paduka boten midhangetaken; kawula nguwuh-uwuh dhumateng Paduka: “Wonten panganiaya!”, nanging Paduka boten mitulungi?
Explore HABAKUK 1:2
3
HABAKUK 1:3
Punapaa dene Paduka nedahaken piawon dhateng kawula, satemah kawula ningali tindak ambeksiya? Panganiaya saha pangroda-peksa wonten ing ngajenging mripat kawula; paben saha pasulayan ingkang tumuwuh.
Explore HABAKUK 1:3
4
HABAKUK 1:4
Pramila angger-angger lajeng ical kakiyatanipun, saha kaadilan boten nate jumedhul, margi tiyang mursid kinepang dening tiyang duraka, njalari medalipun kaadilan kwalik.
Explore HABAKUK 1:4
Home
Bible
Plans
Videos