“Mangkene dhawuhe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe sakurebe langit wus maringake sakehing karajan ing bumi marang ingsun; Panjenengane wus dhawuh marang ingsun ngyasakake padaleman kagem Panjenengane ana ing Yerusalem ing tanah Yehuda. Sapa wong panunggalanira kang kagolong umate, iku ditunggalake dening Allahe! Iku mangkata mulih menyang ing Yerusalem kang ana ing tanah Yehuda, lan yasaa padalemane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, yaiku Gusti Allah kang akedhaton ana ing Yerusalem.