1
YEHESKIEL 22:30
Kitab Sutji
JAV
Ingsun ngupadi ana ing satengahe wong-wong mau, sawijining wong kang sumedya ngedegake tembok utawa kang ngukuhi nagara iku ana ing ngarsaningSun, supaya aja nganti Sunsirnakake, nanging Ingsun ora manggih wong kang mangkono.
Compare
Explore YEHESKIEL 22:30
2
YEHESKIEL 22:31
Mulane Ingsun banjur ngesokake bebenduningSun marang wong-wong mau, Sunsirnakake kalawan genining dukaningSun; kalakuane Suntampekake marang sirahe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
Explore YEHESKIEL 22:31