1
YEHESKIEL 18:32
Kitab Sutji
JAV
Amarga Ingsun ora rena, manawa wong kudu nanggung patine. – Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. – Mulane padha mratobata, supaya sira urip!”
Compare
Explore YEHESKIEL 18:32
2
YEHESKIEL 18:20
Wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati. Anak ora bakal melu nanggung kaluputane bapakne lan bapa ora bakal melu nanggung kaluputane anake. Wong mursid bakal tampa berkahing kamursidane lan wong duraka bakal nanggung durakane dhewe.
Explore YEHESKIEL 18:20
3
YEHESKIEL 18:31
Padha mbuwanga sakehing duraka kang padha sira tandukake marang Ingsun lan atinira sarta rohira padha sira anyarna! Yagene sira bakal padha mati, he turune Israel?
Explore YEHESKIEL 18:31
4
YEHESKIEL 18:23
Apa Ingsun rena marga saka matine wong duraka? – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. – Apa ora marga saka pamratobate supaya urip?
Explore YEHESKIEL 18:23
5
YEHESKIEL 18:21
Nanging manawa wong duraka mratobat lan ngunduri sakehing dosa kang dilakoni tuwin ngugemi sakehing katetepaningSun sarta nindakake kaadilan lan kabeneran, iku mesthi urip, ora bakal mati.
Explore YEHESKIEL 18:21
6
YEHESKIEL 18:9
lakune manut katetepaningSun lan tansah nglakoni pranataningSun kalawan setya – yaiku wong kang mursid lan mesthi bakal lestari urip. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Explore YEHESKIEL 18:9