Nuli sakehe, anak pembarep ing tanah Mesir bakal padha mati, wiwit pembarepe Pringon kang bakal lungguh ing dhampare nganti tekan pembarepe batur wadon kang ngadhep watu panggilingan, uga sakehe pembarepe kewan. Sarta ing satanah Mesir bakal ana udan tangis kang luwih dening ngeres-eresi, kang durung tau kelakon lan kang bakal ora kelakon maneh.