1
KOHELET 1:18
Kitab Sutji
JAV
amarga kawicaksanan akeh iku ngemu kasusahan akeh, tuwin sing sapa ngakehake kawruh iku ngakehake kaprihatinan.
Compare
Explore KOHELET 1:18
2
KOHELET 1:9
Apa kang tau ana bakal ana maneh, lan apa kang tau dilakoni, bakal dilakoni maneh; ora ana barang kang anyar ing sangisoring langit.
Explore KOHELET 1:9
3
KOHELET 1:8
Samubarang kabeh iku anggone gawe sayah nganti ora kena kacaritakake dening manungsa; mripat ora wareg-wareg anggone ndeleng, kuping ora wareg-wareg anggone ngrungokake.
Explore KOHELET 1:8
4
KOHELET 1:2-3
Banget anggone tanpa guna, mangkono pangandikane Sang Kohelet, banget anggone tanpa guna, samubarang kabeh iku tanpa guna. Apa gunane manungsa iku banget-banget anggone nglakoni kangelan ana ing sangisoring langit.
Explore KOHELET 1:2-3
5
KOHELET 1:14
Aku wus nyumurupi sakehing panggawe kang dilakoni dening wong ana ing sangisoring langit, nanging lah kabeh iku tanpa guna lan mburu angin.
Explore KOHELET 1:14
6
KOHELET 1:4
Turun kang siji sirna, turun sijine teka, nanging bumi iki tetep ana.
Explore KOHELET 1:4
7
KOHELET 1:11
Ora ana kang kelingan marang bab-bab kang kelakon dhek jaman kapungkur, lan ing jaman kang bakal kelakon iya ora bakal ana kang kelingan marang bab-bab kang kelakon ing jaman kang wus diungkurake dening para wong kang bakal ana ing saburine.
Explore KOHELET 1:11
8
KOHELET 1:17
Aku wus nggemblengake kekarepanku sumedya nyumurupi tegese kawicaksanan lan kawruh, bodho lan goblog, sarta aku mangerti manawa iki uga ateges mburu angin
Explore KOHELET 1:17