Kakuwatane bakal ngedab-edabi, nanging iya ora kaya kang dhisik, iku bakal nekakake karusakan kang nggegirisi, sarta apa kang katindakake bakal kelakon kasil. Para wong kang kadunungan pangwasa bakal kasirnakake, samono uga bangsane wong suci. Lan marga saka julige, anggone ngengapusi bakal oleh gawe. Sateruse banjur bakal dadi gumunggung, lan ora kanyana-nyana akeh wong kang dumadakan disirnakake; uga bakal nglawan Ratuning para ratu. Nanging tanpa katandangan tanganing manungsa, bakal kalebur.