Mangkene pangucape Dhaniel: “Pinuja asmaning Allah wiwit saka kalanggengan tumeka ing kalanggengan, amarga kawicaksanan lan kasantosan iku ana ing Panjenengane, kang nyontan-nyantuni mangsa lan wektu, kang mecat para ratu lan njumenengake para ratu, kang paring kawicaksanan marang para wong wicaksana sarta kawruh marang para wong kang kadunungan pangreten; iya Panjenengane iku kang mbuka bab-bab kang ora kinira-kira lan kang samar; Panjenengane nguningani apa kang ana ing pepeteng, apadene pepadhang dumunung ana ing Panjenengane.