Wadya-balane bakal jumedhul lan bakal gawe najising papan suci, yaiku betenge, nyuwak kurban dinan lan nganakake kang ora pantes kang ngrerusak. Lan wong-wong kang tumindak duraka marang Prajanjian bakal dibujuk-bujuk kadadekake murtad kalawan tembung-tembung pangonggrong; nanging umat kang wanuh marang Allahe bakal tetep kuwat lan lestari lakune.