Nabi Amos tumuli mangsuli marang Imam Amazia: “Aku iki dudu panunggalane para nabi, lan iya ora klebu golongane nabi, panggaotanku kang baku ngingu wedhus lan ngundhuhi woh sikmah. Nanging Gusti nimbali aku saka ing panggaotanku angon wedhus, lan dipangandikani mangkene: Sira lungaa, medhara wangsit marang umatingSun Israel.