Sira maranana bangsa iki lan tutura:
Sira bakal padha krungu, nanging ora mangreti,
bakal ndeleng, nanging ora sumurup.
Sabab atine bangsa iki ndableg,
lan kupinge wis dadi jampeng,
tuwin mripate padha dieremake;
supaya mripate aja nganti ndeleng
lan kupinge aja nganti krungu
tuwin atine aja nganti mangreti
banjur mratobat temah Sunwarasake.