Rasul Petrus banjur medhar pangandika mangkene: “Kula sampun saestu mangretos, bilih Gusti Allah boten mbedak-mbedakaken tiyang. Saben tiyang ingkang kagolong bangsa punapa kemawon, ingkang ngabekti dhateng Pangeran saha ingkang nindakaken kaleresan, punika ndadosaken ing keparengipun Gusti Allah.