1
II TIMOTEUS 4:7
Kitab Sutji
JAV
Aku wus mungkasi tetandhingan kang utama, aku wus nyandhak garis wekasan, aku wus ngantepi ing pracaya.
Compare
Explore II TIMOTEUS 4:7
2
II TIMOTEUS 4:2
Kowe nggelarna pangandika, sumanggema ing wektu kang becik, utawa ing wektu kang ora becik, melehna apa kang luput, nyrengenana lan mituturana kalawan sakehing kasabaran lan piwulang.
Explore II TIMOTEUS 4:2
3
II TIMOTEUS 4:3-4
Amarga bakal tumeka ing titimangsane, wong-wong bakal ora bisa nampani piwulang kang bener-becik maneh, nanging bakal padha ngumpulake guru-guru kang dikarepake kanggo maremake pepenginaning kupinge. Bakal padha ngingerake kupinge saka ing kayekten lan ngrungokake marang dongeng.
Explore II TIMOTEUS 4:3-4
4
II TIMOTEUS 4:5
Nanging kowe dibisa ngemudheni awakmu ing sajroning samubarang kabeh, disabar ing sajroning nandhang sangsara, nindakna pakabaran Injil, lan ngakonana kawajibaning leladi!
Explore II TIMOTEUS 4:5
5
II TIMOTEUS 4:8
Saiki aku wus ginantungan makuthaning kayekten, kang bakal kaparingake marang aku dening Gusti, Sang Hakim kang adil, ing Dinane, tur ora mung marang aku bae, nanging uga marang sakehing wong kang padha cecengklungen marang rawuhe.
Explore II TIMOTEUS 4:8