Iya marga saka iku kowe padha kudu mempeng anggonmu mbudidaya supaya pracayamu kawuwuhan ing kautaman sarta kautamanmu kawuwuhan ing kawruh, tuwin kawruh kawuwuhan ing pambudidaya ngemudheni dhiri, pambudidaya ngemudheni dhiri kawuwuhan mugen, mugen kawuwuhan mursid, mursid kawuwuhan tresna marang para sadulur, tresna marang sadulur kawuwuhan tresna marang wong kabeh.