Padha gatekna, aku nglairake sawijining wewadi marang kowe: kita bakal padha ora ngalami mati kabeh, nanging kita kabeh bakal padha malih rupa, ing sakedhap netra, bareng karo unine kalasangka kang wekasan. Awitdene kalasangkane bakal muni, para wong mati banjur bakal katangekake kalawan kadunungan kaanan kang ora kena ing rusak lan kita padha malih rupa kabeh.