YouVersion Logo
Search Icon

YESAYA 1

1
BAB 1-39: PERANGAN KAPISAN
BAB 1-12 PAMEDHAR WANGSIT
BAB YEHUDA LAN YERUSALEM
Wosing isine
1:1-1
1 # 2Ra 15:1-7, 15:32–16:20, 18:1–20:21 Wahyu kang tiningalan dening Nabi Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem nalika jamane Sang Prabu Uzia, Yotam, Akhas lan Sang Prabu Hizkia, para ratu ing Yehuda.
Pangresula bab bangsa kang ora setya iku
1:2-9
2Rungokna, he langit, lan gatekna, he bumi,
sabab Pangeran Yehuwah ngandika:
“Ingsun wus ngagengake putra-putra lan iku wus Sungulawenthah
nanging padha mbalela marang Ingsun.
3Sapi wanuh marang kang duwe
nanging Israel ora;
kuldi sumurup marang pamakanan kang kasedhiyakake dening bendarane,
nanging umatingSun ora mangreti.”
4Bilai bangsa kang dosa,
golongan kang kabotan duraka
turune wong ala,
bocah-bocah kang tumindak ora becik!
Iku padha ninggal Sang Yehuwah,
padha ngala-ala marang kang Mahasuci,
Gusti Allahe Israel,
tuwin ngungkurake Panjenengane.
5Kowe kepengin digitiki maneh ing ngendi,
kowe kang padha mbangetake pamurtadmu?
Sirahe wus lara kabeh,
lan atine wus lungkrah lesu kabeh.
6Wiwit ing tlapakan tumeka ing sirah
ora ana kang waras,
abuh lan babak-belur sarta tatu anyar,
ora diplothoti lan ora diblebedi,
tuwin ora dilengani.
7Nagaramu dani sepi mamring,
kutha-kuthamu padha kobong nganti entek;
pametuning bumimu diapngan ing bangsa liya ana ing ngarepmu.
Sepi mamring nagara iku kayadene
dibosah-basihake dening bangsa liya.
8Putri ing Sion kari ijen,
kayadene gubug ing pakebonan anggur
kaya cakruk ing kebon timun
lan kaya kutha kang kinepung.
9 # Pd 19:24; Rm 9:29 Saupama Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah
ora ngarekake sathithik kanggo kita wong kang padha oncat,
kita wus padha kaya Sodom
lan padha kaya Gomora.
Mratobat iku luwih becik katimbang karo caos kurban
1:10-20
10Rungokna pangandikane Sang Yehuwah,
he para panggedhene Sodom!
Gatekna piwulange Allah kita,
he rakyat Gomora!
11 # WB 5:21-22 “Kanggo apa kurbanira kang akeh iku?”
mangkono pangandikane Sang Yehuwah,
“Ingsun wus jeleh marng kurban obaran
kang awujud wedhus gembel lanang lan marang gajihe pedhet lemon;
getihe sapi lanang lan wedhus gembel
sarta wedhus lanang ora Sunrenani.
12Manawa sira padha sowan marang ing ngarsaningSun
sapa kang ngudokake sira mangkono,
dene sira padha ngidak-idak platarane Padaleman SuciningSun?
13Sira aja padha nyaosake maneh pisungsungira kang lamis
amarga gandane gawe enegingSun.
Manawa sira padha mahargya tanggal sapisan lan sabat
utawa nganakake kumpulan-kumpulan,
Ingsun ora tahan mirsani,
awit pahargyanira iku kebak piala.
14Pahargyan-pahargyanira sasi anyar
lan kumpulan-kumpulanira kang ajeg
iku Ingsun sengit mirsani;
kabeh iku dadi momotan tumrap Ingsun,
Ingsun wus sayah anggoningSun ngrembat.
15Manawa sira padha ngegarake tanganira prelu ndedonga,
Ingsun bakal nasabi paningalingSun,
malah sanadyan sira ndedonga mawali-wali
Ingsun ora bakal midhangetake
awit tanganira kebak getih.
16Padha wisuha, resikana awakira,
edohna panggawenira kang ala
saka ing ngarsane paningalingSun.
Marenana anggonira gawe piala,
17padha sinaua gawe becik
ngudia marang kaadilan,
ngendhalenana wong kang ambek siya;
mbelanana hake para bocah lola,
ngembanana prakarane para randha!
18Ayo, kita padha prakaran!
– mangkono pangandikane Sang Yehuwah –
Sanadyan dosanira abang kaya gluga,
bakal dadi putih kaya salju;
sanadyan rupane abang kaya jarit sumba
bakal padha dadi putih kaya wulu wedhus gembel.
19Manawa sira padha mbangun miturut lan gelem ngrungokake,
sira bakal padha mangan wuluwetuning nagara iku kang becik.
20Nanging manawa sira padha nglawan lan mbalela
sira bakal padha kamangsa ing pedhang.”
Sanyata iki pangandikane Sang Yehuwah.
Paukuman tumrap Yerusalem
1:21-31
21Kapriye iki, dene kutha kang biyen setya
saiki dadi wanita tunasusila!
Maune kebak kaadilan
lan tansah kanggonan kabeneran,
nanging saiki kebak wong gawe pepati.
22Salakamu wus ora tulen maneh,
lan anggurmu wus kecampuran banyu.
23Para panggedhemu iku padha wong mbalela,
lan padha sekuthon karo maling.
Kabeh padha seneng tampa besel
lan mburu sogok.
Ora padha mbelani hake para bocah lola
lan prakarane para randha
ora lumadi marang wong-wong mau.
24Mulane mangkene pangandikane Pangeran,
Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,
kang Maha-santosa, Pangayomaning Israel:
“Lah Ingsun bakal nandukake pamalesingSun marang para wong kang nglawan marang Ingsun
lan nandukake piwales marang para mungsuhingSun.
25AstaningSun bakal nglawan marang sira
Ingsun bakal damel tulening salakanira kalawan landha,
sarta bakal nyingkirake sakehing timah saka ing sira.
26Ingsun bakal mangsulake para hakimira kaya biyen
lan para penasehatira kaya ing sakawit.
Sawuse mangkono sira bakal kasebut kutha kaadilan,
kutha kang setya.”
27Sira bakal Sunluwari kalawan pangadilan
lan para wonge kang mratobat bakal Sunluwari kalawan patrap kang bener.
28Nanging para wong kang mbalela lan para wong kang nglakoni dosa
bakal kasirnakake bebarengan
sarta para wong kang ninggal Sang Yehuwah bakal padha katumpes.
29Sanyata, sira bakal padha kawirangan marga saka wit-wit elah
kang padha sira dhemeni,
tuwin sira bakal padha kawirangan marga saka taman-tamaning dewa
kang padha sira pilih.
30Amarga sira bakal padha kaya wit elah
kang alum godhonge,
lan kaya pakebonan kang kekurangan banyu.
31Wong kang rosa banjur dadi kaya kapas
lan panggawene dadi kaya geni sapelik;
karo-karone bakal padha kobong bareng
sarta ora ana wong kang bisa nyirep.

Currently Selected:

YESAYA 1: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy