YouVersion Logo
Search Icon

MUSTHIKANING KIDUNG 8

8
1O, saupami paduka punika sadherek kawula jaler,
ingkang nesep ing payudaranipun ibu kawula,
temtu badhe kawula aras,
manawi kepanggih wonten ing jawi,
amargi boten wonten tiyang ingkang badhe ngremehaken kawula!
2Paduka badhe kawula kanthi lan kawula dherekaken
dhateng griyanipun ibu kawula, supados Paduka memulang dhumateng kawula.
Paduka badhe kawula caosi anggur ingkang arum manawi kaunjuk,
duduhing wohipun dlima kawula.
3Astane kang kiwa nyangga sirahku,
astane tengen ngrangkul aku.
4He para putri ing Yerusalem,
kowe padha daksupatani,
kena apa kowe padha nggugah lan ngobahake
katresnan sadurunge dikarepake?
Katresnan iku santosa kayadene pati
8:5-7
5Sapa kae kang jumedhul saka ing ara-ara samun,
kang lendheh-lendheh ing kekasihe?
Kowe dakgugah ana ing sangisoring wit apel,
ana ing kono anggone ibumu ngandhut kowe,
ana ing kono anggone ibumu ngandheg lan nglairake kowe.
6– Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka,
kados cap wonten ing asta Paduka,
amargi katresnan punika santosa kadosdene pejah,
asmara punika mempengipun kadya jagading pejah,
mulad-muladipun kados urubing latu,
kados mulad-mulading latunipun Sang Yehuwah!
7Toya agung boten saged nyirep tresna,
lepen-lepen boten saged ngentiraken.
Saupami wonten tiyang ingkang ndanakaken sakathahing barang-darbekipun ingkang wonten ing griyanipun kadamel nebus katresnan,
temtu namung badhe karemehaken kemawon.
Penganten putri lan rayine
8:8-10
8Aku padha duwe adhi wadon,
kang durung katon payudarane.
Apa kang wajib daktindakake tumrap adhiku wadon,
yen tumeka ing dinane linamar?
9Saupama temboka,
bakal dakdokoki payon salaka ing dhuwure,
saupama lawanga,
bakal daketrapi palang kayu eres.
10– Aku iki tembok,
lan payudaraku kaya menara.
Ana ing paningale wektu iku
aku kaya wong kang wus oleh kabegjan.
Luwih begja tinimbang Sang Prabu Suleman
8:11-12
11Sang Prabu Suleman kagungan pakebonan anggur ana ing Baal-Hamon.
Pakebonan anggur iku dipasrahake marang wong kang padha rumeksa,
minangka oleh-olehane siji-sijine ngaturake dhuwit salaka sewu.
12Pakebonan anggur kawula, gadhahan kawula piyambak,
wonten ing ngarsa paduka,
kagem panjenengan dalem arta sewu punika,
dhuh Sang Prabu Suleman,
lan ingkang kalih atus kangge tiyang-tiyang ingkang ngrimati wohipun.
Penganten sekaliyan wawan sabda
8:13-14
13– Heh kang manggon ana ing taman,
kanca-kanca padha nggatekake swaramu,
aku iya rungonana!
14– Dhuh kekasih kawula,
Paduka mugi enggal karsaa tumindak kadosdene kidang,
utawi kadosdene anak sangsam
wonten ing redi-redi taneman anggi-anggi.

Currently Selected:

MUSTHIKANING KIDUNG 8: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy