YouVersion Logo
Search Icon

YESAYA 2

2
Sion pusere karajaning katentreman
2:1-5
1Pangandika kang kaparingake marang Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem.
2 # Mi 4:1-3 Ing wekasane jaman bakal kelakon:
gunung papan padalemane Sang Yehuwah
bakal ngadeg jejeg ing sadhuwure gunung-gunung
lan munggul ing sadhuwure tengger-tengger;
sakehing bangsa bakal gumrudug mrana
3lan para suku bangsa akeh kang bakal padha budhalan kalawan ngucap mangkene:
“Ayo, kita padha munggah ing gununge Sang Yehuwah,
menyang ing padalemane Allahe Rama Yakub,
supaya Panjenengane paring piwulang marang kita bab margi-margine
lan supaya kita padha lumaku ing kono;
amarga saka ing Sion bakal kaparingake piwulang
lan pangandikane Sang Yehuwah saka ing Yerusalem.”
4 # Yl 3:10 Panjenengane bakal dadi hakim ana ing antarane para bangsa
lan bakal ngadili suku bangsa akeh;
iku banjur bakal padha nggembleng pedhang-pedhange kadadekake kejen
sarta tumbak-tumbake kadadekake arit.
Bangsa kang siji ora bakal ngangkat pedhange maneh nglawan bangsa sijine
tuwin ora bakal nggladhi perang maneh.
5He golongan tedhake Rama Yakub
ayo kita padha lumaku
ing pepadhange Sang Yehuwah!
Paukumane Pangeran Yehuwah tumrap kabeh wong kang kumaluhur-luhur
2:6-22
6Sanyata Paduka sampun mbucal umat Paduka
inggih punika golongan tedhakipun Rama Yakub
amargi wonten ing pundi-pundi sami nindakaken panenungan kadosdene ingkang tumindak ing tanah Wetan
saha sikir kados tiyang Filisti,
tuwin kekathahen tiyang bangsa sanes ingkang wonten ing satengahipun.
7Nagarinipun kebak emas tuwin salaka saha raja-brananipun tanpa wicalan;
nagarinipun kebak kapal
sarta kretanipun tanpa wicalan.
8Nagaranipun kebak brahala;
tiyang-tiyang wau sami sujud nyembah
dhateng dedamelaning tanganipun piyambak
lan dhateng ingkang dipun garap dening tanganipun.
9Kados makaten anggenipun manungsa dipun telukaken
saha anggenipun tiyang kaesoraken
– tiyang-tiyang wau mugi sampun kaapunten!
10Lumebua ing sela-selaning gunung parang
lan ndhelika ing rong ing sajroning lemah
marga saka pagirise Sang Yehuwah
sarta marga saka cahyaning kamulyane!
11Manungsa kang gumunggung bakal kaesorake
lan wong kang angkuh bakal kadhingklukake,
sarta mung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur ing dina iku.
12Amarga Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah
nemtokake dinane anggone bakal ngukum
sakehe wong kang kumalungkung lan angkuh
sarta ngukum marang sakehing wong kang kumaluhur-luhur, prelu kaesorake;
13ngukum sakehing wit eres ing Libanon
kang tuwuh mandhuwur lan tetep munggul,
tuwin ngukum sakehing wit elah ing Basan;
14sarta ngukum gunung kang dhuwur-dhuwur
lan sakehing tengger kang munggul;
15ngukum sakehe menara kang dhuwur-dhuwur
lan sakehe baluwarti kang disantosani;
16ngukum sakehe kapal ing Tarsis
tuwin sakehe kapal kang endah dhewe.
17Manungsa kang gumunggung bakal padha kadhingklukake
lan wong kang angkuh bakal padha diesorake;
amung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur
ing dina iku.
18Dene brahala-brahala
bakal sirna babar pisan.
19Ing kono wong bakal lumebu ing guwa-guwa ing gunung parang
lan ing rong-rong ing sajroning lemah,
marga saka pagirising Yehuwah
tuwin marga saka cahyaning kamulyane, ing nalika Panjenengane tumindak damel getering bumi.
20Ing dina iku brahala-brahala salaka lan brahala-brahala emas
gegaweaning manungsa kang disujudi lan disembah
bakal kabuwang kanggo marang tikus lan lawa,
21lan wong mau bakal lumebu ing growongan-growonganing gunung parang
tuwin ing sela-selaning tetengger watu
marga saka pagirising Sang Yehuwah
lan marga saka cahyaning kamulyane;
ing nalika Panjenengane jumeneng damel getering bumi.
22Aja padha ngandelake marang manungsa,
awit iku ora ngluwihi wetuning napas
lan wong iku banjur kena dianggep kayadene apa?

Currently Selected:

YESAYA 2: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy