YouVersion Logo
Search Icon

AYUB 41

41
1Mangsa anaa wong kang sembranane nganti wani nenangi nepsune baya iku,
lan sapa kang keconggah maju nglawan marang Ingsun?
2 # Rm 11:35 Sapa kang methukake Ingsun, kang Sundamel lestari slamet?
Samubarang kang ana sangisoring langit iku wus dadi kagunganingSun kabeh.
3Ingsun ora bakal nyidem kaananing gegelitane baya iku,
bab karosane lan endahing pawakane.
4Sapa kang bisa mbukak jubahe?
Sapa kang bisa nyuduk nganti tembus kerene kang rangkep iku?
5Sapa kang bisa ngengakake inebing cangkeme?
Ing sakubenging untune kaanane nggegirisi.
6Gigire awujud tameng-tameng kang santosa,
kang kraket rapet kaya segel.
7Siji lan sijine gandheng rapet
nganti ora bisa klebon angin;
8kang siji kelet karo sijine
cathok-cinathok ora kena kapisah.
9Samangsa wahing metu sunare,
matane kaya pletheking bangbang wetan.
10Cangkeme metu obore,
lan nyemburake geni kang pating pletik.
11Lenging irunge metu kukuse
kaya saka ing kwali kang umob isine kumebul.
12Ambekane ngobong areng,
cangkeme metu genine.
13Githoke kadunungan kakuwatan,
pagiris lincak-lincak ana ing ngarepe.
14Gembel-gembeling daginge padha kelet lengket.
kraket ing awake ora glembyar-glembyor.
15Atine atos kaya watu,
atose kaya watu landhesaning panggilingan.
16Samangsa gumregah, kabeh wong kang kwasa padha gumeter
dadi bingung jalaran wedi.
17Manawa dipedhang
ora pasah, mangkono uga ditumbak, ditowok utawa dipanah.
18Wesi dirasa kaya dami,
tembaga kaya kayu gapuk.
19Panah ora bisa nglungakake,
bebanggal watu kaya-kaya malih dadi damen.
20Gada dianggep merang
sarta sumiyuting towok digeguyu.
21Ing kurebe ana kang kaya wingka lincip-lincip,
manawa mengkureb ing endhutan kaya piranti pangruntuhan.
22Teleng didadekake molak-malik kaya godhongan ing kendhil,
sagara didadekake piranti ngolah campuran bumbon.
23Tabeting lakune sumunar,
satemah samodra kakira uwan dening wong.
24Ing salumahing bumi ora ana kang madhani,
iku makhluk kang ora kadunungan wedi.
25Kabeh kang luhur padha wedi karo kewan iku,
iku dadi ratune sakehing kewan galak.”

Currently Selected:

AYUB 41: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy