YouVersion Logo
Search Icon

AYUB 40

40
Ayub katantang dening Gusti Allah
40:1-9
1Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Ayub saka ing satengahing prahara, mangkene:
2“Mara rumantia dikaya wong lanang;
Sira bakal Sundangu, Ingsun unjukana wangsulan.
3Apa sira arep ngorakake pangadilaningSun
nyalahake Ingsun supaya bisa mbenerake awakira dhewe?
4Apa tanganira kaya astaning Allah,
lan apa sira bisa ngetokake swara gumludhug kaya Panjenengane?
5Yen mangkono awakira wenehana rerenggan kamulyan lan kaluhuran,
sira ngrasuka kaagungan lan prabawa!
6Esokna nepsunira kang mulad-mulad;
awasna saben wong kang kumlungkung lan sira esorna,
7awasna saben wong kang lumuhur-luhur iku lan dhingklukna.
Sarta wong duraka padha sira leburna ana ing panggonane!
8Pendhemen bebarengan ana ing njero lebu,
kunjaranen ana ing papan kang ndhelik,
9temah Ingsun bakal ngalembana marang sira,
amarga tanganira tengen ngolehake kaunggulan marang sira.”
Rumpakan bab jaran Nil
40:10-19
10“Sira nyawanga jaran Nil, kang wus Suntitahake uga kaya sira.
Iku mangan suket kaya sapi.
11Sira mawanga karosane kang dumunung ana ing lempenge
kakuwatane kang ana ing ototing wetenge!
12Anggone ngencengake buntute kaya wit eres,
otot-ototing pupune bebuletan,
13Balung-balunge kaya pipa tembaga,
ragangane kaya lantakan wesi.
14Iku kang dhisik dhewe katitahake dening Gusti Allah,
makhluk kang kaparingan gegaman pedhang;
15gunung-gunung padha nuwuhake kang minangka pakane;
kewan alasan padha seneng-seneng ana ing kono.
16Jaran Nil mau anggone njerum ana ing sangisoring wit trate,
ingaling-alingan ing glagah lan rawa.
17Tetuwuhan trate padha ngayomi kalawan ayang-ayangane,
sarta ingubengan ing wit truntum.
18Sanadyan ilining banyu santer banget, kewan mau ora gumeter;
sanadyan bengawan Yarden luber nempuh marang cangkeme,
atine iya enak-enak bae.
19Apa wong bisa nyekel saka ing ngarep lan bisa ngeluhi irunge?”
Rumpakan bab baya
40:20–41:25
20 # Ms 74:14, 104:26; Ye 27:1 “Apa sira bisa nggered baya nganggo pancing,
utawa njiret ilate nganggo tali?
21Apa sira bisa ngetrapake tali penjalin ing irunge,
utawa nyublesake gantholan ing uwange.
22Apa kira-kira kewan mau bisa njaluk sih-piwelas marang sira,
utawa bisa calathu alus marang sira?
23Apa kira-kira bisa gawe prajanjian kalawan sira,
temah banjur sira dadekake batur ing salawase?
24Apa sira bisa dolanan karo kewan mau kayadene karo manuk,
sarta apa bisa sira dadekake dolananing anak-anakira wadon?
25Apa kira-kira kena didadekake daganganing para juru amek iwak,
utawa diedum-edum ing antarane para wong dagang?
26Apa kulite kena sira jojohi kalawan towok,
utawa endhase kalawan cempuling?
27Tanganira sira tumpangna ing endhase!
Elinga marang anggone tarung! –
Sira ora bakal nindakake mangkono maneh!
28pangarep-arepira iku sanyata tanpa isi.
Lagi ndeleng kewan iku bae, wong wis ambruk.

Currently Selected:

AYUB 40: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy