1
YOKANAN 5:24
Kitab Sutji
JAV
Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong kang ngrungokake ing pituturKu, sarta pracaya marang kang ngutus Aku, iku nduweni urip langgeng, tuwin bakal ora bakal katut kaukum, jalaran wus ngalih saka ing pati marang urip.
比較
YOKANAN 5:24で検索
2
YOKANAN 5:6
Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau ngglethak ana ing kono, sarta ngudaneni manawa wus lawas anggone mangkono mau, wong mau tumuli dipangandikani: “Kowe apa kapengin waras?”
YOKANAN 5:6で検索
3
YOKANAN 5:39-40
Kowe padha niti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-kitab Suci iku nekseni ing bab Aku, suprandene kowe padha lumuh marani Aku supaya nduwenana urip iku.
YOKANAN 5:39-40で検索
4
YOKANAN 5:8-9
Pangandikane Gusti Yesus: “Tangia, paturonmu angkaten, lan lumakua!” Sanalika wong mau dadi waras, nuli ngangkat paturone lan banjur mlaku. Nanging nalika iku pinuju dina Sabat.
YOKANAN 5:8-9で検索
5
YOKANAN 5:19
Ing kono Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Sang Putra ora bisa nindakake apa-apa saka awake dhewe, manawa Panjenengane ora weruh kang katindakake dening Sang Rama. Sabab apa kang katindakake dening Sang Rama, iku uga katindakake dening Sang Putra.
YOKANAN 5:19で検索
ホーム
聖書
読書プラン
ビデオ