YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 3

3
MASMUR 3
Kidung ing wayah esuk ing sajrone adhep-adhepan karo mungsuh
3:1-9
1 # 2Sa 15:13–17:22 Masmur anggitane Sang Prabu Dawud, nalika keplajeng saka ing ngarsane kang putra Pangeran Absalom.
2Dhuh Yehuwah, pinten-pinten satru kawula,
kathah tiyang ingkang nglawan kawula;
3kathah tiyang ingkang mungel tumrap kawula makaten:
“Iku mesthi ora oleh pitulungan saka Gusti Allah.” (Selah)
4Nanging Paduka, dhuh Yehuwah, ingkang dados tetameng kawula, ingkang ngaling-alingi kawula,
Paduka ingkang dados kaluhuran kawula, inggih ingkang ndengengekaken sirah kawula.
5Kalawan sora anggonku nyebut marang Sang Yehuwah,
banjur diparingi wangsulan saka ing gununge kang suci. (Selah)
6Aku leyeh-leyeh banjur turu;
aku tangi, amarga disantosakake dening Sang Yehuwah.
7Aku ora wedi marang bala leksan,
kang arep ngepung aku.
8Dhuh Yehuwah, kawula aturi jumeneng mitulungi kawula, dhuh Allah kawula,
amargi Paduka ingkang sampun nggepuk uwanging sakathahipun mengsah kawula,
saha tiyang duraka sami Paduka rampalaken untunipun.
9Pitulungan punika dhatengipun saking Sang Yehuwah,
berkah Paduka rumentaha ing umat Paduka. (Selah)

Currently Selected:

JABUR 3: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy