YouVersion Logo
Search Icon

MARKUS 1

1
Nabi Yokanan Pambaptis
1:1-8
Mt 3:1-6, 11-12; Lk 3:3-6, 15-17; Yo 1:19-28
1Iki wiwitane Injile Gusti Yesus Kristus, Putraning Allah. 2#Ml 3:1Kaya kang wis katulisan ing kitabe Nabi Yesaya:
“Lah, Ingsun dhawuh marang utusaningSun, supaya ndhisiki Sira, iku bakal nyawisake dalanira;
3 # Ye 40:3 ana swaraning wong kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun:
Padha nyawisna margining Pangeran,
lencengna lurung-lurunge.”
4Kaya mangkono anggone Nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara samun lan nguwuh-uwuh: “Padha mratobata lan padha kabaptisa, temah Gusti Allah bakal ngapura dosamu.” 5Wong-wong saka ing wewengkon Yudea lan kabeh kang manggon ing kutha Yerusalem, padha mrono sarta padha dibaptisi kalawan ngakoni sakehing dosane, ana ing bengawan Yarden. 6#2Ra 1:8Nabi Yokanan ngagem jubah wulu unta lan paningset walulang, dene kang kadhahar walang karo madu alas. 7Yaiku kang kawartakake mangkene: “Sawise aku bakal rawuh kang panguwaose ngluwihi aku. Bok tumungkul nguculi taline sepatune bae aku ora pantes. 8Aku mbaptis kowe nganggo banyu, nanging Panjenengane bakal mbaptis kowe kalawan Roh Suci.”
Gusti Yesus kabaptis dening Nabi Yokanan
1:9-11
Mt 3:13-17; Lk 3:21-22; Yo 1:32-34
9Nalika samana Gusti Yesus rawuh saka ing kutha Nasaret ing tanah Galilea, lan banjur dibaptis dening Nabi Yokanan ana ing bengawan Yarden. 10Bareng Panjenengane mentas saka ing banyu, banjur mirsa langit piyak, sarta Roh apindha manuk dara tumedhak ing Panjenengane. 11#Pd 22:2; Ms 2:7; Ye 42:1; Mt 3:17, 12:18; Mk 9:7; Lk 3:22Nuli ana swara saka ing swarga kang kaprungu mangkene: “Sira iku Putra kang Suntresnani, kang dadi kaparenging panggalihingSun.”
Gusti Yesus kagodha dening Iblis
1:12-13
Mt 4:1-11; Lk 4:1-13
12Sawise iku Gusti Yesus dumadakan katuntun dening Roh menyang ing ara-ara samun. 13Ana ing kono suwene patang puluh dina, kagodha dening Iblis, Panjenengane lereb ana ing satengahing sato alas, sarta diladosi dening para malaekat.
Gusti Yesus nggelarake Injil ana ing Galilea
1:14-15
Mt 4:12-17; Lk 4:14-15
14Barang Nabi Yokanan wis kacepeng, Gusti Yesus rawuh ing tanah Galilea, nggelarake Injiling Allah, 15#Mi 3:2pangandikane: “Iki wis tekan ing titimangsane; Kratoning Allah wus cedhak. Padha mratobata, lan pracayaa marang Injil!”
Gusti Yesus wiwit angsal sakabat
1:16-20
Mt 4:18-22; Lk 5:1-11
16Nalika Gusti Yesus tindak ana ing urut pinggire sagara Galilea, mirsa Simon karo Andreas sadulure Simon, lagi padha nibakake jala ing sagara, amarga padha dadi tukang golek iwak. 17Banjur padha didhawuhi Gusti Yesus mangkene: “Ayo, padha melua Aku, kowe bakal Dakdadekake tukang golek uwong.” 18Sakarone nuli enggal-enggal ninggal jalane lan ndherekake Panjenengane. 19Bareng nglajengake tindake sawatara, Gusti Yesus mirsa Yakobus anake Zebedheus lan Yokanan sadulure lagi ana ing prau ndandani jalane. 20Sakarone nuli enggal padha ditimbali dening Gusti Yesus, lan iya banjur padha ninggal Zebedheus, bapakne, ana ing prau karo para buruhe, lan banjur ndherekake Panjenengane.
Gusti Yesus rawuh ing Kapernaum lan nyarasake wong kasurupan
1:21-28
Lk 4:31-37
21Kacarita lakune wis padha tekan ing kutha Kapernaum. Bareng dina Sabat, Gusti Yesus banjur tindak lumebet ing papan pangibadah lan memulang. 22#Mt 7:28-29Wong-wong padha kaeraman ngrungokake piwulange, amarga anggone paring piwulang iku kaya kang kagungan panguwaos, ora kaya para ahli Toret. 23Nalika samana ing papan pangibadah kono ana wong kang kapanjingan dhemit, kang nguwuh-uwuh: 24“Paduka tumut-tumut punapa kaliyan kawula, dhuh Gusti Yesus saking Nasaret? Rawuh Paduka punapa badhe nyirnakaken kawula? Kawula mangretos Paduka punika sinten: Ingkang asipat suci, kagunganipun Allah.” 25Nanging banjur didukani dening Gusti Yesus, pangandikane, “Meneng, metua saka wong iku!” 26Wong kang kapanjingan banjur kececengan marga saka panggawene dhemit mau lan jerit-jerit nuli metu saka wong mau. 27Kabeh wong padha sumlengeren, nganti padha takon-tinakon: “Apa ta iki? Piwulang anyar kagiyarake kanthi panguwasa. Dalah dhemit-dhemit diprentah iya padha nurut.” 28Pawarta bab Panjenengane iki banjur enggal sumebar tekan ngendi-endi ana ing wewengkon Galilea.
Gusti Yesus nyarasake ibune maratuwa Petrus lan wong-wong liyane
1:29-34
Mt 8:14-17; Lk 4:38-41
29Sawise saka ing papan pangibadah banjur padha menyang ing omahe Simon lan Andreas, karo Yakobus lan Yokanan. 30Ibune maratuwa Simon ngaleleh ing paturon, jalaran lara panastis. Gusti Yesus banjur diaturi uninga bab larane iku. 31Kang lara banjur dirawuhi, tangane diasta lan ditangekake. Padha sanalika ilang lelarane, banjur ngladeni tamu-tamune. 32Bareng sore, sasuruping srengenge, wong-wong kang lara lan kang kasurupan dhemit, padha disowanake kabeh marang ngarsane Gusti Yesus. 33Wong sakutha kabeh padha kumrubut ana ing ngarep lawang. 34Gusti Yesus banjur nyarasake wong-wong kang padha nandhang lelara warna-warna lan nundhungi dhemit akeh. Dhemit-dhemit iku ora diparengake calathu, jalaran wis padha ngreti marang Panjenengane.
Gusti Yesus memulang ana ing kutha-kutha liyane
1:35-39
Lk 4:42-44
35Bareng bangun esuk, nalika isih peteng, Gusti Yesus wungu lan banjur miyos, tumuli tindak menyang panggonan kang sepi lan ndedonga ana ing kono. 36Simon lan kanca-kancane iya banjur nusul. 37Bareng wis ketemu, padha matur: “Sadaya sami madosi Paduka.” 38Paring wangsulane: “Ayo padha menyang panggonan liyane, menyang ing kutha-kutha sing cedhak, Aku arep nggelarake Injil mrono uga, amarga iya iku prelune anggonKu teka.” 39#Mt 4:23, 9:35Panjenengane banjur ndlajahi tanah Galilea kabeh lan nggelarake Injil ana ing papan-papan pangibadah ing kono sarta nundhungi dhemit.
Wong lara budhugen kawarasake
1:40-45
Mt 8:1-4; Lk 5:12-16
40Tumuli ana wong lara budhugen sowan ing ngarsane Gusti Yesus, banjur jengkeng sarta nyuwun tulung marang Panjenengane, ature: “Manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.” 41Gusti Yesus trenyuh ing galih marga saka welas, banjur mulung astane, ndemek marang wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu!” 42Sanalika iku uga ilang lelarane budhug temah wis birat najise. 43Wong mau banjur enggal kadhawuhan lunga kanthi kaweling wanti-wanti: 44“Poma, kowe aja pisan-pisan kandha-kandha bab iki marang sapa bae, nanging lungaa, awakmu tuduhna marang imam, sarta caosna pisungsung birating najismu, kaya kang wis kadhawuhake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang wong kabeh.” 45Ewadene wong mau saundure banjur martak-martakake lelakon mau, disuwurake menyang ing ngendi-endi, satemah Gusti Yesus ora bisa kanthi ngedheng lumebet ing kutha. Panjenengane lereb ana ing jaba, ana ing panggonan-panggonan kang sepi, nanging wong-wong saka ngendi-endi iya meksa padha sowan menyang ing ngarsane.

Currently Selected:

MARKUS 1: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy