YouVersion Logo
Search Icon

MATEUS 7

7
TUTUGE PIWULANG ANA ING GUNUNG
Bab ngukumi
7:1-5
Lk 6:37-38, 41-42
1“Aja padha netepake alaning wong, supaya kowe iku aja katetepake alamu. 2#Mk 4:24Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi ala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggo ngukumi ala-becikmu. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowe. 3Kapriye dene kowe weruh tatal kang ana ing mripate sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu dhewe, kowe kok ora weruh? 4Kapriye dene kowe kok bisa kandha karo sadulurmu: Coba, tatal sing ana ing mripatmu iku dakilangane, mangka mripatmu dhewe ana glondhonge? 5Heh, wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing ana ing mripatmu, mengko kowe bakal kanthi pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing mripate sadulurmu.”
Bab barang kang suci lan pangaji
7:6
6“Bareng kang suci aja kokwenehake marang asu, lan mutyaramu aja kokuncalake marang ngarepe babi, supaya ora diidak-idak sarta banjur minger nyempal-nyempal kowe.”
Bab ngantepi ing pandonga
7:7-11
Lk 11:9-13
7“Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golek-goleka, temah bakal oleh. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan. 8Sabab saben wong kang nyuwun, bakal tampa, sing golek bakal oleh lan sing thothok-thothok iku bakal kawenganan lawang. 9Apa ana panunggalanmu kang dijaluki roti anake, kok menehi watu, 10utawa yen dijaluki iwak, kok menehi ula? 11Dadine yen kowe kang ala padha mangreti ing bab paweweh kang becik marang anak-anakmu, saya maneh Ramamu kang ana ing swarga, mesthi peparing kang becik marang wong sing padha nyenyuwun marang Panjenengane.”
Dalan kang bener
7:12-14
12 # Lk 6:31 “Mulane apa sing kokkarepake ing bab tumindake wong marang kowe, iku iya etrapna marang wong, amarga iya mangkono iku surasane Toret lan kitabe para nabi.
13 # Lk 13:24 Padha lumebua metu ing lawang kang ciyut, awit amba lawange lan jembar dalane kang anjog ing karusakan, mangka akeh wong kang padha metu ing kono. 14Kosok baline ciyut lawange lan rupit dalane kang anjog ing urip, mangka mung sathithik wong kang nemu iku.”
Piwulang kang nasar
7:15-23
15“Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sajatine iku asu ajag kang galak. 16Iku bakale padha katitik marang kowe saka wohe. Apa ana thethukulan eri kok awoh anggur, utawa rerungkudan kok metokake woh anjir? 17Dadine wit kang becik metokake woh becik, wit kang geringen wohe iya ora apik. 18Wit kang becik ora bisa metokake woh kang ala, lan wit kang geringen ora bisa metokake woh kang becik. 19#Mt 3:10; Lk 3:9Sarupane wit kang ora metokake woh kang becik, mesthi kategor lan banjur kacemplungake ing geni. 20#Mt 12:33Dadine wong-wong mau bakal katitik saka wohe.
21Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga iku dudu angger wong kang ngucap marang Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing swarga. 22Ing dina wekasan bakal akeh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula boten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka? 23#Ms 6:9Ing wektu iku bakal padha dakblakani mangkene: Aku durung tau wanuh karo kowe. Padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh, wong kang padha gawe duraka.”
Bab ngrungokake lan nglakoni
7:24-29
Lk 6:47-49
24“Mulane saben wong kang ngrungokake pituturKu lan banjur dilakoni, iku kayadene wong pinter, kang ngadegake omahe ana ing padhasan. 25Bareng udan deres, banjur banjir sarta ana angin gedhe, kang nempuh omah mau, nanging ora ambruk, amarga katalesan ing padhasan. 26Nanging saben wong kang ngrungokake pituturKu mangka ora dilakoni, iku upamane kaya wong kang gemblung, kang ngadegake omahe ana ing pawedhen. 27Bareng udan deres, terus banjir, sarta ana angin gedhe, kang nempuh omah mau banjur ambruk lan banget rusake.”
28 # Mk 1:22; Lk 4:32 Kacarita, bareng Gusti Yesus wus mungkasi pangandikane iku mau, wong kabeh padha gumun banget marang piwulange, 29jalaran anggone mulang kaya kang kagungan panguwasa, ora kaya para ahli Toret.

Currently Selected:

MATEUS 7: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy