YouVersion Logo
Search Icon

I YOKANAN 1

1
Paseksene rasul bab Sabdaning kauripan
1:1-4
1 # Yo 1:1 Kang wus ana ing wiwitan mula, kang wus padha dakrungu, kang wus padha dakdeleng kalawan mripatku, kang wus dakwaspadakake, iya kang wus dakgrayang kalawan tanganku bab ing ngatase Sabdaning kauripan, yaiku kang dakwartakake marang kowe! 2#Yo 1:14Dene urip iku wus kababar lan wus padha dakdeleng, dene saiki aku padha dadi seksi sarta ngundhangake marang kowe bab urip langgeng kang dumunung ana ing Sang Rama lan kang wus kalairake marang aku kabeh. 3Kang wus padha dakdeleng lan dakrungu iku mau iya dakwartakake marang kowe, supaya kowe uga bisaa tetunggalan karo aku kabeh. Lan anggonku padha tetunggalan iku karo Sang Rama lan karo Sang Putra, Gusti Yesus Kristus. 4Dene anggonku nulis bab iki mau kabeh marang kowe iku supaya kabungahanku dadia sampurna.
Gusti Allah iku pepadhang
1:5-10
5Anadene iki pawarta kang wus padha dakrungu saka ing Panjenengane, kang dakwartakake marang kowe: Gusti Allah iku pepadhang lan Panjenengane ora kadunungan pepeteng babar pisan. 6Saupama kita padha ngaku tetunggalan karo Panjenengane, mangka laku kita ana ing pepeteng, dadi kita goroh lan ora nglakoni ing kayekten. 7Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa. 8Saupama kita padha ngaku ora duwe dosa, dadi padha ngapusi awak kita dhewe lan ora kadunungan kayekten. 9Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita. 10Saupama kita padha ngaku ora gawe dosa, dadi padha nganggep Panjenengane dora, sarta pangandikane ora dumunung ana ing kita.

Currently Selected:

I YOKANAN 1: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy