Anadene iki pawarta kang wus padha dakrungu saka ing Panjenengane, kang dakwartakake marang kowe: Gusti Allah iku pepadhang lan Panjenengane ora kadunungan pepeteng babar pisan. Saupama kita padha ngaku tetunggalan karo Panjenengane, mangka laku kita ana ing pepeteng, dadi kita goroh lan ora nglakoni ing kayekten.