YouVersion Logo
Search Icon

I PETRUS 4

4
1Dadi sarehne Gusti Yesus Kristus wis nglampahi sangsara kadagingan, mulane kowe iya sikepa gegaman pikiran mangkono, amarga sapa kang wis nandhang sangsara kadagingan iku wis mareni anggone nglakoni dosa, 2supaya wektu kang isih ana, aja kokanggo nuruti kepencuting manungsa, nanging mituhu marang ing karsaning Allah. 3Jalaran wus cukup suwene anggonmu nindakake kekarepane wong kang ora wanuh ing Allah. Kowe wis padha nuruti ubaling hawa-nepsu warna-warna, pepenginan, mendem, jibar-jibur, sarta nyembah brahala kang ora kaparengake. 4Marga saka iku kowe padha digumuni, dene kowe padha ora melu nyemplung ing blethokaning pamblasar iku uga karo wong-wong iku temahan kowe banjur padha dipitenah. 5Nanging wong-wong iku kudu padha ngunjukake panjawab marang Panjenengane kang wis mirantos bakal ngadili wong urip lan wong mati. 6Awit iya iku prelune dalah wong mati iya wis padha kaundhangan Injil, supaya padha diadili ing kadagingane kaya manungsa kabeh, nanging mungguh ing roh bisa urip manut karsaning Allah.
Uripe wong Kristen
4:7-11
7Kawusanane samubarang kabeh wis cedhak. Marga saka iku dibisa ngemudheni dhirimu sarta disareh, supaya kowe padha bisa ndedonga. 8#WB 10:12Nanging kang prelu dhewe padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget. 9Sing padha seneng pondhok-pinondhokan ora nganggo nggrundel. 10Padha laden-linadenana miturut ganjaran kang wus kaparingake marang saben wong jalaran anggone dadi juru-gedhonge sih-rahmating Allah kang becik. 11Manawa ana wong kang pitutur, iku dikaya wong kang nglantarake pangandikaning Allah; manawa ana wong kang leladi, iku katindakna kanthi kakuwatan peparinging Allah, supaya Gusti Allah kaluhurna ing samubarang kabeh marga saka Gusti Yesus Kristus. Panjenengane iku kang kagungan kamulyan sarta panguwaos langgeng salawas-lawase! Amin.
Sangsarane wong Kristen
4:12-19
12He para kekasih, aja padha gumun marang panasing geni siksan kang nekani kowe minangka pandadaran, kaya-kaya ana bab kang ora lumrah kang namani kowe. 13Malah padha bungaha, iku tampanana minangka panduman ing bab sangsarane Gusti Kristus, supaya kowe uga kepareng bungah sarta sukarena besuk samangsa Panjenengane mbabar kamulyane. 14Rahayu kowe, manawa kowe padha diwewada marga saka asmane Gusti Kristus, amarga Rohing kamulyan yaiku Rohing Allah dumunung ana ing kowe. 15Aja ana panunggalanmu kang nandhang sangsara marga mateni wong, utawa dadi maling, utawa wong ala, utawa wong dakwen. 16Nanging manawa nandhang sangsara marga dadi wong Kristen, iku aja isin, malah ngluhurna Gusti Allah atas asmane Gusti Kristus iku. 17Jalaran saiki wis tumeka ing titi-mangsane pangadilan kawiwitan lan bakal kawiwitan saka ing padalemaning Allah. Mangka manawa kawiwitan saka kita, kapriye bakal wekasane wong kang padha ora pracaya marang Injiling Allah? 18#WB 11:31Sarta manawa
wong mursid iku meh bae ora kaslametake,
wong duraka lan wong dosa iku bakal kapriye kadadeane?
19Kang iku para kang nandhang sangsara marga saka karsaning Allah, iku padha masrahna nyawane, kalawan tansah nglakoni kabecikan, marang kang nitahake kang setya tuhu.

Currently Selected:

I PETRUS 4: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy