1
YAKOBUS 1:2-3
Kitab Sutji
JAV
He, para sadulurku, anggepen sawijining kamulyan, manawa kowe padha kataman ing panyoba warna-warna, jalaran kowe padha sumurup, manawa pandadaran tumrap pracaya iku nuwuhake sabar mantep.
Vergleichen
Studiere YAKOBUS 1:2-3
2
YAKOBUS 1:5
Dene manawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Gusti Allah, kang maringi marang sakabehing wong kanthi eklas, ora kanthi ngundhat-undhat, sarta bab iku bakal kaparingake marang dheweke.
Studiere YAKOBUS 1:5
3
YAKOBUS 1:19
He para sadulur kang daktresnani, elinga marang bab iki: saben wong dienggal manawa ngrungokake, nanging disareh manawa calathu, mangkono uga ditamban manawa nepsu
Studiere YAKOBUS 1:19
4
YAKOBUS 1:4
Sarta sabar mantep iku kareben metokake woh kang sampurna, supaya kowe dadi sampurna lan mulus, sarta ora kekurangan sawiji apa.
Studiere YAKOBUS 1:4
5
YAKOBUS 1:22
Nanging padha nglakonana ing pangandika, aja mung ngrungokake bae, jalaran manawa ora mangkono kowe ngapusi awakmu dhewe.
Studiere YAKOBUS 1:22
6
YAKOBUS 1:12
Rahayu wong kang tanggon sajrone kena ing panyoba, jalaran manawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning kauripan, kang wis kaprasetyakake dening Gusti Allah marang wong kang padha tresna ing Panjenengane.
Studiere YAKOBUS 1:12
7
YAKOBUS 1:17
Angger peparing kang becik sarta ganjaran kang sampurna iku saka ing luhur, tumurun saka ing Ramane sakehing pepadhang, kang ora owah gingsir utawa ora ana empering pamalike.
Studiere YAKOBUS 1:17
8
YAKOBUS 1:23-24
Sabab manawa wong mung ngrungokake pangandika bae, mangka ora nganggo dilakoni, iku kayadene wong kang lagi namatake raine dhewe kang sanyata ana ing pangilon. Sawise ndeleng awake dhewe, salungane tumuli wis lali kaya apa rupane.
Studiere YAKOBUS 1:23-24
9
YAKOBUS 1:27
Pangibadah kang murni sarta tanpa cacad ana ing ngarsaning Allah, Rama kita, yaiku niliki bocah lola sarta para randha sajroning kasusahane lan njaga supaya awake dhewe aja nganti kena ing jejembering donya.
Studiere YAKOBUS 1:27
10
YAKOBUS 1:13-14
Manawa ana wong kang kena ing panggodha aja ngucap mangkene: “Aku digodha dening Allah.” Jalaran Gusti Allah ora bisa digodha dening piala, sarta Gusti Allah ora nggodha marang wong. Nanging saben wong digodha dening pepenginane dhewe, jalaran disered sarta dibujuk dening pepenginane dhewe.
Studiere YAKOBUS 1:13-14
11
YAKOBUS 1:9
Sadulur kang asor iku nggunggunga ing bab kaluhurane
Studiere YAKOBUS 1:9