1
EFESUS 6:12
Kitab Sutji
JAV
awit kang kita tandhingi iku dudu daging lan getih, nanging para pamarentah, para panguwasa, para panggedhening jagad kang peteng iki, para rohing kadursilan kang ana ing langit.
Confronta
Esplora EFESUS 6:12
2
EFESUS 6:18
ing sajroning pandonga lan panyuwunmu kabeh. Padha tansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh, sarta padha meleka lan ditegen anggonmu padha nyenyuwun kanggo para suci
Esplora EFESUS 6:18
3
EFESUS 6:11
Padha sikepa praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa nadhahi gelar kajuligane Iblis
Esplora EFESUS 6:11
4
EFESUS 6:13
Mulane padha nyandhaka praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa nyembadani samasa tekane dina kang ala iku lan tetep tangguh sawuse kowe ngrampungake sakabehe.
Esplora EFESUS 6:13
5
EFESUS 6:16-17
sajrone mangkono iku padha nganggoa tamenging pracaya, margane kowe bakal bisa nyirep sakehing panah geni saka si pangawak dursila, karomaneh padha nampanana tetopong karahayon lan pedhang Roh, yaiku sabdaning Allah
Esplora EFESUS 6:16-17
6
EFESUS 6:14-15
Mulane padha dipanggah, lambungmu sabukana ing kayekten lan ngrasuka kaadilan minangka kere, sikilmu nganggoa trumpah cumadhangmu marang Injiling tentrem-rahayu
Esplora EFESUS 6:14-15
7
EFESUS 6:10
Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.
Esplora EFESUS 6:10
8
EFESUS 6:2-3
Sira ngajenana bapa-biyungira – iki pepakon kang wigati, kaya kang kacetha ana ing prasetya iki – supaya sira slamet lan dawa umurira ana ing donya.
Esplora EFESUS 6:2-3
9
EFESUS 6:1
He bocah-bocah, manut-mituruta marang wong tuwamu ana ing patunggilane Gusti, mangkono iku kang bener.
Esplora EFESUS 6:1