1
II PETRUS 3:9
Kitab Sutji
JAV
Pangeran ora mblenjani janjine, sanadyan ana sawenehing wong kang ngarani mblenjani, nanging Panjenengane nyabari kowe, sabab karsane aja nganti ana wong kang nemu bilai, nanging supaya kabeh wong padha bali sarta mratobat.
Confronta
Esplora II PETRUS 3:9
2
II PETRUS 3:8
Mung bae para kekasih, kowe aja padha kelalen prakara siji iki, yaiku yen ing ngatase Pangeran sadina iku prasasat sewu taun sarta sewu taun prasasat sadina.
Esplora II PETRUS 3:8
3
II PETRUS 3:18
Malah padha mundhak-mundhaka ing sih-rahmat sarta ing pangawruh marang Gusti lan Sang Juruwilujeng kita, Gusti Yesus Kristus. Panjenengane kang sayogya kagungan kamulyan ing samengko nganti tumeka ing salawas-lawase.
Esplora II PETRUS 3:18
4
II PETRUS 3:10
Nanging bakal tekane dinaning Gusti iku patrape kaya maling; ing dina iku langit bakal sirna kanthi swara gumuruh nggegirisi sarta dhedhasaring wujuding donya bakal lebur kaobong sarta bumi lan kabeh kang ana ing kono bakal ilang sirna.
Esplora II PETRUS 3:10
5
II PETRUS 3:11-12
Mulane manawa samubarang kabeh iki bakal lebur kanthi patrap mangkono iku, saiba gedhene kawajibanmu supaya uripmu suci sarta mursid, yaiku kowe kang padha nganti-anti sarta nggelisake marang tekane dinane Gusti Allah. Ing dina iku langit bakal lebur, kamangsa ing geni sarta dhasar-dhasar wujuding donya padha luluh kaobong.
Esplora II PETRUS 3:11-12