YouVersion Logo
Search Icon

MATEUS 16

16
Wong Farisi lan wong Saduki nyuwun pratandha
16:1-4
Mk 8:11-13
1 # Mt 12:38; Lk 11:16 Tumuli ana wong Farisi lan wong Saduki sing padha sowan arep nyoba marang Gusti Yesus. Wong-wong iku padha nyuwun marang Panjenengane, supaya ngatingalake pratandha saka ing swarga. 2#Lk 12:54-56Nanging paring wangsulane Gusti Yesus: “Manawa sore langite katon abang sumulak, kowe kandha: Iki bakal terang, 3sarta esuk, manawa langite katon abang surem, kandhamu: Iki dina ora becik. Kowe bisa mbedakake rupaning langit, nanging tandha-tandhaning jaman ora ngreti. 4#Mt 12:39; Lk 11:29Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.” Gusti Yesus banjur tindak nilar wong-wong mau.
Bab ragine wong Farisi lan wong Saduki
16:5-12
Mk 8:14-21
5Nalika para sakabat padha nyabrang ing sagara, lali ora nggawa roti. 6#Lk 12:1Banjur padha dipangandikani Gusti Yesus mangkene: “Padha sing awas, sing padha ngati-ati ing bab ragine wong Farisi lan wong Saduki!” 7Para sakabat padha mikir-mikir lan banjur padha rasanan: “Anggone ngandika mangkono iku rak marga aku padha ora sangu roti.” 8Bareng Gusti Yesus mirsa apa sing padha dirembug iku, tumuli ngandika: “Yagene kowe padha rerembugan bab ora ana roti, heh, wong kang cupet ing pangandel? 9#Mt 14:17-21Apa kowe durung padha mangreti? Apa padha ora kelingan bab roti lima kanggo wong limang ewu lan pirang kranjang sing kokklumpukake? 10#Mt 15:34-38Apa uga lali bab roti pitu kanggo wong patang ewu lan pirang kranjang kang kokklumpukake? 11Kapriye ta dene kowe kok padha ora mangreti, yen kang Dakkarepake iku dudu roti. Aku pitutur marang kowe: Sing waspada marang ragine wong Farisi lan wong Saduki!” 12Ing kono para sakabat lagi padha mangreti, yen dhawuhe Gusti Yesus iku mau, ora supaya waspada marang ragi lan roti, nanging marang piwulange para wong Farisi lan para wong Saduki.
Pangakune Petrus ing bab Gusti Yesus
16:13-20
Mk 8:27-30; Lk 9:18-21
13Bareng Gusti Yesus rawuh ing laladan Kaesarea Filipi, banjur ndangu marang para sakabate: “Kandhane wong-wong, Putraning Manungsa iku sapa?” 14#Mt 14:1-2; Mk 6:14-15; Lk 9:7-8Atur wangsulane: “Wonten ingkang cariyos: Nabi Yokanan Pambaptis, wonten ugi ingkang mastani: Nabi Elia; wonten malih ingkang mastani: Nabi Yeremia utawi salah satunggaling nabi.” 15Gusti Yesus banjur ndangu: “Nanging tumraping kowe, Aku iki sapa?” 16#Yo 6:68-69Atur wangsulane Simon Petrus: “Paduka punika Sang Kristus, Putranipun Allah ingkang gesang!” 17Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Rahayu kowe! Simon bin Yunus, amarga kang nglairake iku marang kowe dudu daging lan getih, nanging RamaKu kang ana ing swarga. 18Lan Aku iya pitutur marang kowe: Kowe iku Petrus, sarta watu karang iki bakal dakanggo tetalesing pasamuwanKu, kang ora bakal dikuwasani dening pati. 19#Mt 18:18; Yo 20:23Kowe bakal dakpasrahi soroging Kraton Swarga. Apa kang koktaleni ana ing donya bakal katalenan ana ing swarga lan apa kang kokuculi ana ing donya, bakal kauculan ana ing swarga.” 20Gusti Yesus banjur ngawisi para sakabate, ora diparengake martak-martakake marang wong siji-sijia, yen Panjenengane iku Sang Kristus.
Pawarta kang kapisan bab anggone Gusti Yesus bakal nandhang sangsara
16:21-23
Mk 8:31–9:1; Lk 9:22-27
21Wiwit nalika iku Gusti Yesus wiwit paring pitedah marang para sakabate, yen Panjenengane kudu tindak menyang Yerusalem, lan bakal nandhang kasangsaran pirang-pirang marga saka panggawene para pinituwa, para pangareping imam lan para ahli Toret sarta banjur disedani, lan ing telung dinane kawungokake. 22Nanging Petrus banjur nggered Panjenengane kalawan munjuk: “Gusti, mugi Gusti Allah nebihaken bab punika! Sampun pisan-pisan Paduka ngantos kataman ingkang makaten punika.” 23Nanging Gusti Yesus banjur mengo sarta ngandika marang Petrus: “Heh, setan, sumingkira. Kowe iku dadi sandhunganKu, sabab kowe ora mikir apa kang kagalih dening Allah, nanging mung sing dipikir dening manungsa.”
Bab manggul salib
16:24-28
24 # Mt 10:38; Lk 14:27 Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabat: “Manawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe sarta manggula salibe lan melua Aku. 25#Mt 10:39; Lk 17:33; Yo 12:25Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametake nyawane, iku bakal kelangan nyawane, nanging kang kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nemu. 26Apa gunane oleh donya iki kabeh, yen kelangan nyawane? Lan apa kang bakal diaturake minangka ijole nyawane? 27#Ms 62:13; Mt 25:31; Rm 2:6Awit Putraning Manungsa bakal rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekate; ing nalika iku Panjenengane bakal ngganjar marang sawiji-wijining wong manut panggawene. 28Satemene Aku pitutur marang kowe: Wong-wong kang padha ana ing kene iki ana kang ora bakal padha mati, sadurunge sumurup Putraning Manungsa rawuh ing kratone.”

Currently Selected:

MATEUS 16: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy