24
Wungune Gusti Yesus
24:1-12
Mt 28:1-10 Mk 16:1-8 Yo 20:1-10
1Ananging bareng dina kapisan ing minggu iku, ing wayah esuk umun-umun, wong-wong wadon mau padha menyang ing pasarean, karo nggawa anggi-anggi kang wis dicawisake. 2Watune tinemu wis kaglimpangake saka ing pasarean. 3Bareng padha lumebu, layone Gusti Yesus ora ketemu. 4Nalika lagi padha ngadeg kalawan kuwur atine marga saka kaanan kang mangkono iku, dumadakan ana priya loro padha jumeneng ing cedhake, pangagemane mancorong. 5Wong-wong mau padha wedi lan padha tumungkul. Nanging priya loro mau nuli padha ngandika mangkene: “Yagene, dene kowe padha nggoleki Kang Gesang ana ing antarane wong mati? 6Panjenengane ora ana ing kene, wis wungu. Elinga marang apa kang wus kapangandikakake marang kowe kabeh, nalika isih ana ing tanah Galilea, 7yaiku, yen Putraning Manungsa pinasthi kaulungake marang tanganing wong-wong dosa lan banjur kasalib, sarta wungu ing telung dinane.” 8Wong-wong wadon mau iya nuli kelingan marang pangandikane Gusti Yesus iku. 9Lan sabaline saka ing pasarean, banjur padha nyritakake iku kabeh marang sakabat sawelas lan marang sadulur liyane kabeh. 10Dene wong-wong wadon mau yaiku Maryam saka Magdala,lan Yohana sarta Maryam ibune Yakobus, tuwin wong-wong wadon liyane kang padha bebarengan uga nyritani marang para rasul. 11Nanging tembung-tembunge iku dianggep ngayawara, padha ora ngandel marang wong-wong wadon iku.
12Ewasamono Petrus banjur ngadeg lan mangkat rerikatan menyang ing pasarean. Bareng nginguk manjero, mung weruh ulese thok. Nuli lunga lan mikir-mikir, apa ta kira-kira sing mentas kalakon iku. #Mt 16:2117:22-2320:18-19Mk 8:319:3110:33-34Lk 9:2218:31-33
Gusti Yesus ngatingal marang wong loro kang padha menyang ing desa Emaus
24:13-35
13Ing dina iku uga ana wong loro, panunggalane para sakabat, padha menyang ing desa kang aran Emaus, dohe saka ing Yerusalem watara pitung mil#24:13 aslinipun 60 stadhi. 1 stadhi = 180 m; 1 mil = 1478,5 m. Dados 60 stadhi = 7 mil langkung sakedhik.. 14Wong loro mau padha rasanan bab kabeh kang mentas kalakon. 15Nalika lagi padha rembugan lan bebantahan, Gusti Yesus piyambak rawuh nyelaki lan banjur nyarengi ing lakune. 16Nanging wong mau mripate padha kalimputan, mulane padha pangling karo Panjenengane. 17Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong loro iku: “Apa sing padha kokrembug sajrone lumaku iki?” Banjur padha mandheg kalawan sedhih. 18Kang siji kang jenenge Kleopas, mangsuli: “Punapa namung Panjenengan piyambak tiyang manca ing Yerusalem, ingkang boten uninga bab ingkang mentas kelampahan wonten ing ngriku ing salebetipun sawatawis dinten punika?” 19Paring wangsulane: “Lelakon apa ta iku?” Unjuke kang kadangu: “Lelampahanipun Sang Yesus Nasarani, ingkang jumeneng nabi, ingkang kuwaos ing pandamel saha ing pangandika wonten ing ngarsaning Allah sarta wonten ing ngajengipun bangsa kula sadaya. 20Nanging para pangajengipun imam saha para pangageng kula sami ngulungaken Panjenenganipun dhateng ing paukuman pejah, lajeng dipun salib. 21Mangka kula sadaya kala rumiyin sami gadhah pangajeng-ajeng, inggih Panjenenganipun punika ingkang rawuh badhe ngluwari bangsa Israel. Nanging sapunika sampun dumugi ing tigang dintenipun, sasampunipun punika wau sadaya kalampahan. 22Namung kemawon lajeng wonten tiyang estri sawatawis panunggilan kula ingkang sami damel kaget kula: Enjing umun-umun sampun sami dhateng ing pasarean, 23layonipun boten pinanggih. Lajeng sami wangsul, cariyos, bilih sami sumerep malaekat, ingkang sami ngandika, bilih Panjenenganipun gesang. 24Nunten wonten kanca kula sawatawis ingkang sami dhateng pasarean, dene pinanggihipun pancen leres ingkang dipun cariyosaken para tiyang estri wau, nanging boten sami sumerep Panjenenganipun.” 25Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Heh wong kang padha tanpa budi lan kang randhat ing pamikir, temah ora pracaya marang samubarang kabeh, kang wis kapangandikakake dening para nabi! 26Sang Kristus apa ora pinasthi nandhang iku mau kabeh, banjur lumebet ing kamulyane?” 27Tumuli padha diparingi katrangan bab sabarang kang wis katulisan ing Kitab Suci kabeh tumrap Panjenengane, wiwit kitab-kitabe Nabi Musa lan kitab-kitabe para nabi.
28Bareng wis cedhak ing desa kang kaparanan, Gusti Yesus kaya-kaya arep nglajengake tindake. 29Nanging dicandhet dening wong-wong mau, unjuke: “Kula aturi kendel wonten ing griya kula, awit sampun ngajengaken dalu, surya sampun serap.” Panjenengane iya banjur lumebet karo wong-wong mau. 30Bareng lenggah arep dhahar bebarengan, nuli mundhut roti, diberkahi banjur dicuwil-cuwil, diparingake marang karone. 31Nalika iku mripate banjur kabuka, temah ora pangling karo Panjenengane, nanging Gusti Yesus banjur musna saka ing pandelenge. 32Wong loro mau tumuli padha sapocapan mangkene: “Atiku rak wis padha ngangah-angah, nalika Panjenengane ngandika marang aku kabeh ana ing dalan lan nalika Panjenengane nerangake Kitab Suci marang kowe lan aku?”
33Banjur padha ngadeg lan bali menyang Yerusalem. Ana ing kono padha nyumurupi sakabat sawelas padha kumpulan karo para sadulur-sadulur liyane, 34sarta iku padha ngucap: “Gusti nyata yen wis wungu lan wis ngatingal marang Simon.” 35Wong loro mau iya tumuli nyaritakake lelakone ana ing dalan, sarta kapriye anggone mari pangling marang Gusti Yesus, sajrone nyuwil-nyuwil roti. #Mk 16:12 #Mk 16:13
Gusti ngatingal marang para siswane kabeh
24:36-49
Yo 20:19-23
36Nalika padha rembugan bab iku mau, Gusti dumadakan jumeneng ana ing tengahe sarta ngandika: “Tentrem rahayu anaa ing kowe kabeh.” 37Kabeh padha kaget kaworan wedi, lan ngira weruh memedi. 38Nanging Panjenengane banjur ngandika: “Yagene kowe padha kaget lan apa sababe dene kowe padha kethukulan rasa mangu-mangu ana ing sajroning atimu? 39Delengen tanganKu lan sikilKu, iki Aku dhewe; grayangana Aku lan satitekna, yen memedi rak ora ana daginge lan balunge, kaya kang padha kokdeleng ana ing Aku iki.” 40Ngandika mangkono iku karo nedahake astane lan sampeyane. 41Bareng kabeh durung padha ngandel marga saka bungahe lan isih padha kaeraman, Panjenengane nuli ngandika: “Ing kene apa ana sing kena dipangan?” 42Banjur dicaosi iwak gorengan sairis. 43Iku tumuli ditampeni lan didhahar ana ing ngarepe wong-wong mau.
44Banjur padha dipangandikani mangkene: “Yaiki pituturKu kang Dakkandhakake marang kowe kabeh, nalika Aku isih nunggal karo kowe, yaiku yen kabeh kang wis katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para nabi sarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan.” 45Panjenengane banjur mbuka pikirane wong-wong mau supaya padha ngreti marang Kitab Suci. 46Pangandikane: “Ana kang katulisan mangkene: Sang Kristus pinasthi nandhang sangsara lan ing telung dinane wungu saka ing antarane wong mati. 47Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane, wiwit saka ing Yerusalem. 48Dene kowe kang padha dadi seksine bab iku mau kabeh. 49Sabanjure kowe bakal padha Dakkirimi apa kang wis dijanjekake dening RamaKu. Nanging kowe padha anaa ing kutha kene dhisik, nganti kowe wis padha kaparingan kasekten saka ing ngaluhur.” #PR 1:4
Mekrade Gusti Yesus
24:50-53
50Sawise mangkono para sakabate banjur kadhawuhan ndherek Gusti Yesus menyang ing jaban kutha, menyang ing sacedhake desa Betania. Ana ing kono Panjenengane nuli ngangkat astane, para sakabat padha diberkahi, 51lan nalika mberkahi mau, Panjenengane banjur nilar para sakabate tuwin mitrane menyang ing swarga. 52Para sakabat banjur padha sujud nyembah marang Panjenengane, nuli padha bali menyang ing Yerusalem kalawan bungah banget, 53sarta tansah padha ana ing Padaleman Suci lan ngluhurake Gusti Allah. #PR 1:9-11
Loading reference in secondary version...