YouVersion Logo
Search Icon

JABUR 1

1
Jilid I: MASMUR 1–41
Bab uripe wong mursid lan uripe wong duraka
1:1-6
1Rahayu wong
kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka,
lan ora ngambah dalane wong dosa
sarta ora awor lungguh ing pajagongane wong memoyok,
2nanging kang karem marang angger-anggere Sang Yehuwah,
lan digilut-gilut rina wengi.
3 # Ym 17:8 Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali,
kang metokake woh ing kalamangsane,
lan ora alum godhonge,
apa bae kang ditandangi mesthi lestari.
4Ora mangkono mungguh wong duraka,
nanging prasasat mrambut kang kabur ing angin.
5Mulane wong duraka iku ora tulus ana ing ngarsane pangadilan,
mangkono wong dosa ana ing pakumpulane para wong mursid;
6amarga Sang Yehuwah mirsa lakune wong mursid,
nanging lakune wong duraka iku ngener marang karusakan.

Currently Selected:

JABUR 1: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy