Sabab kayadene nalika jamane Nabi Nuh, iya mangkono besuk bakal rawuhe Putraning Manungsa. Marga padha kaya dhek jaman sadurunge banjir patopan, wong-wong padha mangan lan ngombe, omah-omah lan ngomah-omahake, nganti dina anggone Nabi Nuh lumebet ing prau, lan padha ora nglegewa nganti tekane banjir kang nyirnakake wong-wong mau kabeh, mangkono uga besuk ing dina rawuhe Putraning Manungsa.