Ananging kowe aja padha mangkono. Sing sapa kapengin dadi gedhe ana ing antaramu, iku dadia batur, lan sing sapa kapengin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia budhakmu. Padha karo Putraning Manungsa anggone rawuh iku ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi sarta masrahake nyawane minangka tetebusan tumrap wong akeh.”