1
MATEUS 18:20
Kitab Sutji
Sabab ing ngendi ana wong loro utawa telu padha nglumpuk kalawan nganggep marang jenengKu, ing kono Aku ana ing tengahe.”
Compare
Explore MATEUS 18:20
2
MATEUS 18:19
Lan maneh Aku pitutur marang kowe: Manawa panunggalanmu ing donya ana wong loro kang saiyeg nyuwun apa bae, panyuwune iku bakal dikabulake dening RamaKu kang ana ing swarga.
Explore MATEUS 18:19
3
MATEUS 18:2-3
Gusti Yesus banjur nimbali bocah cilik siji, didegake ana ing tengahe para sakabat tumuli ngandika: “Satemene pituturKu marang kowe: Manawa kowe ora mratobat lan dadi kaya bocah cilik iki, kowe ora bakal lumebu ing Kratoning Swarga.
Explore MATEUS 18:2-3
4
MATEUS 18:4
Dadi sing sapa ngesorake awak lan dadi kaya bocah cilik iki, yaiku kang pinunjul ana ing Kratoning Swarga.
Explore MATEUS 18:4
5
MATEUS 18:5
Karodene sing sapa nampani bocah pepadhane iki atas saka jenengKu, iku Aku kang ditampani.
Explore MATEUS 18:5
6
MATEUS 18:18
Satemene pituturKu marang kowe: Apa kang koktaleni ana ing donya iku bakal katalenan ana ing swarga lan apa kang kokuculi ana ing donya iku bakal kauculan ana ing swarga.
Explore MATEUS 18:18
7
MATEUS 18:35
Samono uga RamaKu kang ana ing swarga iya bakal tumindak mangkono tumrap ing kowe, manawa kowe dhewe-dhewe ora gelem ngapura marang kaluputane sadulurmu kanthi terusing ati.”
Explore MATEUS 18:35
8
MATEUS 18:6
Nanging sing sapa dadi sandhungan tumrap salah sawijining bocah cilik iki, kang pracaya marang Aku, iku luwih becik dikalungi watu panggilingan banjur dicemplungake ing sagara bae.
Explore MATEUS 18:6
9
MATEUS 18:12
“Panemumu kapriye? Manawa ana wong duwe wedhus satus, banjur ana siji kang katriwal, apa ora bakal ninggal sing sangangpuluh sanga ana ing pagunungan tumuli lunga nggoleki wedhus kang katriwal mau?
Explore MATEUS 18:12
YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy
Home
Bible
Plans
Videos