Sanadyan wit anjir boten medal sekaripun,
sarta wit anggur boten wonten wohipun,
wit jaitun wohipun damel gela,
sanadyan pategilan-pategilan boten ngedalaken bahan tedha,
menda sami medal saking kandhangipun,
saha ing kandhang boten wonten lembunipun,
ewasamanten kawula badhe asurak-surak wonten ing Pangeran Yehuwah,
abingah-bingah wonten ing Gusti Allah ingkang ngluwari kawula.