1
I PETRUS 5:7
Kitab Sutji
Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane, sabab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh.
Compare
Explore I PETRUS 5:7
2
I PETRUS 5:10
Dene Gusti Allah sumbering sakehe sih-rahmat, kang wis nimbali kowe kabeh ana in Sang Kristus marang kamulyane kang langgeng, bakal nyampurnakake, neguhake, nyantosakake sarta ngukuhake kowe, sawise kowe padha nandhang sangsara sawatara mangsa.
Explore I PETRUS 5:10
3
I PETRUS 5:8-9
Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa. Tanggulangana kalawan pracaya kang santosa, jalaran kowe padha sumurup yen kabeh sadulurmu kang ana ing saindenging jagad iya padha ketaman ing sangsara kaya mangkono.
Explore I PETRUS 5:8-9
4
I PETRUS 5:6
Kang iku padha mendhaka ing sangisore astane Gusti Allah kang kuwat, supaya kowe padha linuhurake ing mangsa kang wis katemtokake.
Explore I PETRUS 5:6
5
I PETRUS 5:5
Samono uga kowe, heh para wong anom, padha sumuyuda marang para wong tuwa, sarta siji lan sijine sing padha andhap-asor, amarga: “Gusti Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”
Explore I PETRUS 5:5
YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy
Home
Bible
Plans
Videos