1
I YOKANAN 5:14
Kitab Sutji
JAV
Anadene anggon kita tatag ing pracaya marang Gusti Allah iku jalaran manawa kita padha nyuwun apa-apa marang Panjenengane, kang nyondhongi ing karsane, mesthi disembadani.
Vergleichen
Studiere I YOKANAN 5:14
2
I YOKANAN 5:15
Mangka manawa kita padha sumurup yen Gusti Allah nyembadani marang panyuwun kita tumrap apa bae, dadine kita padha sumurup uga, yen kita wus tampa apa kang kita suwun marang Panjenengane.
Studiere I YOKANAN 5:15
3
I YOKANAN 5:3-4
Amarga katresnan marang Gusti Allah iku wujude yaiku, yen kita padha netepi ing pepakone. Pepakon-pepakone iku ora abot, amarga sadhengah apa kang laire saka ing Allah iku ngalahake jagad. Anadene kaunggulan kang ngalahake jagad iku yaiku pracaya kita.
Studiere I YOKANAN 5:3-4
4
I YOKANAN 5:12
Sapa kang nduweni Sang Putra, iku nduweni urip. Sapa kang ora nduweni Putraning Allah, iku ora nduweni urip.
Studiere I YOKANAN 5:12
5
I YOKANAN 5:13
Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng.
Studiere I YOKANAN 5:13
6
I YOKANAN 5:18
Kita sumurup, yen sok wonga kang laire saka ing Allah iku ora gawe dosa, nanging malah kaayoman dening Panjenengane, kang miyos saka ing Allah, temah ora bisa kagepok dening si pangawak dursila.
Studiere I YOKANAN 5:18