Logotipo da YouVersion
Ícone de Pesquisa

HOSEA 12

12
Efraim lan Rama Yakub leluhure
12:1-15
1Ingsun wus dikepung dening Efraim kalawan dora-cara,
lan kalawan apus dening turune Israel,
dene Yehuda ngilang saka ing sacelake Gusti Allah,
saka ing sacelake Kang Mahasuci kang setya.
2Efraim iku njaga angin,
lan mburu angin wetan sedina muput,
ngakehake tindak cidra lan panganiaya,
padha gawe prajanjian karo Asyur,
lan nggawa lenga menyang ing tanah Mesir.
3Pangeran Yehuwah bebantahan karo Yehuda,
lan bakal ngukum Yakub miturut polah-tingkahe,
sarta bakal males kang murwat karo tindak-tanduke.
4 # Pd 32:24-26 # Pd 25:26 Ana ing guwa-garba Yakub ngapusi sadulure,
sarta bareng wus rosa gelut kalawan Gusti Allah.
5 # Pd 28:10-22 Dheweke gelut karo Sang Malaekat lan unggul,
kalawan nangis nyuwun kawelasan marang Panjenengane.
Ana ing Betel ketemu kalawan Panjenengane,
lan ana ing kono Panjenengane mangandikani mangkene:
6– Iya iki Sang Yehuwah, Allahe kang sarwa tumitah,
kang asma Yehuwah. –
7“Sira iku kudu mratobat marang Allahira,
netepana katresnan lan angger-angger,
sarta tansah ngarep-arepa marang Allahira.”
8Padha kaya Kanaan, kang nyekel traju kang cidra,
lan kang seneng memeres,
9pangucape Efraim: “Aku rak wus dadi sugih,
wus oleh raja-brana.
Nanging sakehe wohe kangelanku ora nuwuhake kaluputan
kang ateges dosa tumrap aku.”
10 # Km 23:42-43 Nanging Ingsun iki Yehuwah,
Allahira wiwit nalika sira ana ing tanah Mesir.
Ingsun isih karsa manggonake sira ana ing tarub-tarub maneh
kaya ing dina-dina riyaya.
11Ingsun mangandikani para nabi,
sarta wus paring wahyu bola-bali
apadene paring pasemon lumantar para nabi mau.
12Manawa ing Gilead ana kadursilan,
wong-wong iku wus padha dadi tanpa guna;
ana ing Gilgal padha saos kurban sapi-sapi lanang,
mulane misbyah-misbyahe uga
padha dadi kaya tumpukan watu ana ing singkal-singkalane pategalan.
13 # Pd 29:1-20 Yakub ngungsi menyang ing tanah Aram,
Israel ngenger supaya oleh bojo,
malah nganti dadi pangon supaya oleh bojo iku.
14 # Pa 12:50-51 Lumantar nabi Pangeran Yehuwah nuntun Israel metu saka ing tanah Mesir,
malah banjur direksa dening nabi.
15Efraim wus gawe gerahing panggalihe Pangeran kang banget,
temah Gustine bakal nglestarekake anggone katempelan utang getih,
sarta bakal paring piwales tumrap ing cacade.

Atualmente Selecionado:

HOSEA 12: JAV

Destaque

Copiar

Comparar

Compartilhar

None

Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login