YEHESKIEL 28
28
Pameca nglawan raja ing Tirus
28:1-10
1Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 2“He, anaking manungsa, raja ing Tirus kandhanana: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten:
Ing sarehne sira dadi gumunggung
lan celathu: Aku iki Allah!
Aku lungguh ing dhamparing Allah,
ana ing tengahing samodra.
Mangka sira iku manungsa,
dudu Allah,
sanadyan atinira rumangsa
padha karo Allah.
3Kawicaksananira pancen ngungkuli kawicaksanane Dhaniel;
ora ana barang kang samar kang ora sira sumurupi.
4Marga saka wicaksananira lan pangretenira
sira oleh kasugihan.
Emas lan salaka sira klumpukake
ing gedhong raja-brananira.
5Marga saka bangeting pinterira dedagangan
kasugihanira dadi akeh
lan iku njalari sira banjur gumunggung.
6Milanipun pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten:
Sarehne atinira rumangsa padha karo Gusti Allah,
7mulane, lah Ingsun nimbali wong manca
supaya nglawan marang sira,
yaiku bangsa kang ambek siya dhewe,
kang bakal ngunus pedhange,
banjur merangi kawicaksananira kang pinuji iku
lan kamulyanira bakal dinajisake.
8Sira kang pinatenan
ana ing tengahing samodra
bakal diudhunake marang ing luwangan kuburan.
9Apa sira isih bakal celathu
ana ing ngarepe kang mateni sira,
ana ing tangane kang nuwek sira:
Aku iki Allah?
Mangka sira iku manungsa, dudu Allah.
10Sira bakal mati dening wong manca
kayadene wong kang ora tetak.
Sabab Ingsun kang mangandikakake iku, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.”
Kidung pangadhuh tumrap raja ing Tirus
28:11-19
11Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 12“He, anaking manungsa, sira nglairna pangadhuh tumrap raja ing Tirus lan tuturana mangkene: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah:
Sira iku gambaring kasampurnan,
kebak kawicaksanan lan endahing endah.
13Sira iku ana ing patamanan Eden, yaiku patamananing Allah
kang kebak ing sarupaning sesotya kang akeh ajine:
jaspis abang, krisolit lan yaspis ijo,
sesotya pirus, krisopras lan nefrit,
lazurit, sesotya mirah lan malakit.
Embanane kang kagawe emas
lan iku dicawisake ing dina sira katitahake.
14Sira Sunpapanake cedhak lan kerub kang rumeksa
sira iku ana ing gununging Allah kang suci
lan mlaku-mlaku ana ing satengahing sesotya
kang mencorong.
15Tindak-tandukira tanpa cacad
wiwit ing dina sira katitahake
nganti sira tinemu nglakoni duraka.
16Sarehne sira dagang gedhe
sira banjur atindak keras lan gawe dosa.
Mulane sira tumuli Sunbuwang
saka ing gununging Allah,
sarta kerub kang rumeksa
banjur nyirnakake sira
saka ing satengahe sesotya kang mencorong.
17Sira gumunggung marga saka endahing warnanira,
kawicaksananira sira sirnakake demi kamulyanira.
Mulane sira Sunbuwang marang ing bumi,
Sunpasrahake marang para raja
dadi tontonan ana ing ngarepe.
18Marga saka akehe kesalahanira
lan kaculikanira ing sajroning laku dagang
sira nerak kasucening pasucenira.
Awit saka iku Ingsun bakal ngurubake geni saka ing tengahira,
kang bakal mangsa sira nganti entek.
Sira Sunetogake, dadi awu ana ing bumi
ana ing ngarepe kabeh kang ndeleng sira.
19Kabeh wong ing antarane para bangsa kang wanuh marang sira
padha kaget nyumurupi kaananira.
Wekasaning uripira nukulake pagiris
tuwin sira sirna ing salawas-lawase.”
Pameca nglawan Sidon
28:20-26
20 #
Yl 3:4-8; Za 9:1-2; Mt 11:21-22; Lk 10:13-14 Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: 21“He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang Sidon lan medhara wangsit nglawan marang nagara iku sarta kandhanana: 22Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Sidon, tuwin Ingsun ngatingalake kamulyaningSun ana ing tengah-tengahira. Apadene wong-wong bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, samangsa Ingsun ndhawahake paukuman marang Sidon lan nedahake kasuceningSun marang dheweke. 23Ingsun bakal ndhatengake pageblug ana ing Sidon tuwin getih bakal wutah ana ing dalan-dalane sarta wong-wong bakal ambruk mati ana ing satengahe, marga kena ing pedhang kang teka saka ing sakubenge kang nglawan marang dheweke. Temah wong-wong bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah. 24Apadene turune Israel ora bakal padha karemehake maneh dening wong saka ing sakiwa-tengene kabeh, kang dadi eri kang nyubles utawa sujen kang nglarani. Ing kono wong-wong bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.
25Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing nalikane Ingsun nglumpukake turune Israel saka ing satengahe suku-suku bangsa, kang padha diparani rikala kabuyarake tuwin Suntedahi kasuceningSun ana ing ngarepe para bangsa, banjur bakal padha manggon ana ing tanahe kang wus Sunparingake marang abdiningSun Yakub. 26Anggone manggon ana ing kono bakal kalawan tentrem; bakal padha mbangun omah lan gawe kebon anggur. Malah padha manggon kalawan ayem tentrem ing nalikane Ingsun ndhawahake paukuman marang sakehing tanggane kang padha ngremehake. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah Allahe.”
Atualmente Selecionado:
YEHESKIEL 28: JAV
Destaque
Copiar
Comparar
Compartilhar
Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.