HOSEA 3
3
Ditampani maneh, nanging ora dianggep
3:1-5
1Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: “Sira lungaa maneh lan nresnanana sawijining wong wadon, kang seneng dadi sundel lan laku jina, kayadene Sang Yehuwah uga tresna marang para wong Israel, sanadyan iku padha mungkur marani allah liya-liyane lan karem emplek-emplek kismis.” 2Wong wadon iku banjur daktuku, regane limalas sekel salaka sarta sair karotengah homer. 3Iku nuli dakkandhani mangkene: “Kowe kudu manggon tetunggalan karo aku nganti suwe lan aja laku bedhang sarta aja kadarbe ing wong lanang liya; aku iya ora bakal ngewori turu kowe.” 4Sabab wong Israel nganti suwe padha dedunung tanpa raja, tanpa pemimpin, tanpa kurban sembelehan, tanpa ngadegake tugu brahala, tanpa efod lan tanpa terafim. 5Sawuse mangkono wong Israel bakal padha mratobat lan ngupaya marang Pangeran Yehuwah Allahe sarta marang Sang Prabu Dawud, ratune. Bakal padha sowan kalawan gumeter marang ngarsane Sang Yehuwah lan marang kamirahane, besuk ing dina-dina wekasan.
Atualmente Selecionado:
HOSEA 3: JAV
Destaque
Copiar
Comparar
Compartilhar
Quer salvar seus destaques em todos os seus dispositivos? Cadastre-se ou faça o login
Javanese Bible © Indonesian Bible Society, 1981.

: