DHANIEL 2:27-28
DHANIEL 2:27-28 JAV
Dhaniel mangsuli, mangkene unjuke marang Sang Prabu: “Wewados, ingkang kadangokaken dening gusti kawula Sang Prabu, punika boten saged kauningakaken dhumateng Sang Prabu dening tiyang wicaksana, juru gendam, sarjana utawi ahli nujum. Namung kemawon ing swarga wonten Allah ingkang mbuka wewados-wewados; Panjenenganipun sampun paring sumerep dhumateng gusti kawula Sang Prabu Nebukadnezar bab punapa ingkang badhe kalampahan ing dinten-dinten ingkang badhe dhateng. Wondene supena saha wahyu-wahyu ingkang kapirsanan dening gusti kawula wonten ing pasarean punika makaten





