1
PANGENTASAN 23:25-26
Kitab Sutji
JAV
Nanging sira kudu ngabekti marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira, temah roti lan banyune bakal binerkahan lan Ingsun bakal ngedohake lelara saka ing tengahira. Ing nagaranira bakal ora ana wong wadon kang keluron utawa kang gabug. Lan umurira bakal Sunjangkepi.
Comparar
Explorar PANGENTASAN 23:25-26
2
PANGENTASAN 23:20
“Lah Ingsun bakal ngutus malaekat tindak ana ing ngarepira, perlu ngreksa lakunira ana ing dalan sarta ngirid lakunira menyang panggonan kang Suncawisake.
Explorar PANGENTASAN 23:20
3
PANGENTASAN 23:22
Nanging manawa sira temen-temen ngestokake dhawuh-dhawuhe, lan nglakoni sabarang kang Sundhawuhake, Ingsun bakal nglawan marang mungsuhira lan nglawan marang lawanira.
Explorar PANGENTASAN 23:22
4
PANGENTASAN 23:2-3
Sira aja melu-melu wong akeh nglakoni piala, lan anggonira nglairake paseksi tumrap sawijining prakara aja ngiloni wong akeh murih dhoyonging pangadilan. Iya aja ngiloni prakarane wong miskin.
Explorar PANGENTASAN 23:2-3
5
PANGENTASAN 23:1
“Sira aja nyebar kabar goroh. Aja mbiyantu wong kang luput lan gelem dadi seksi rerekan.
Explorar PANGENTASAN 23:1