Kacarita samangsa Nabi Musa anggone ngangkat astane dhuwur, Israel unggul, nanging samangsa ngandhapake astane, Amalek kang unggul. Suwe-suwe astane Nabi Musa kiyu, mulane dijupukake watu didokok ana ing sangisore, kagawe lenggah, sarta Rama Harun lan Hur padha nyangga astane sasisih edhing, mulane astane ora obah nganti tumeka ing surupe srengenge.