1
PANGANDHARING TORET 4:29
Kitab Sutji
JAV
Bareng ana ing kana kowe lagi padha nggoleki Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan iya bakal ketemu, anggere anggonmu nggoleki kanthi gumolonging ati lan gumolonging nyawamu.
Comparar
Explorar PANGANDHARING TORET 4:29
2
PANGANDHARING TORET 4:31
Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku, Allah kang asipat welasan, kowe ora bakal ditegakake utawa disirnakake; apadene iya ora bakal kalepyan marang prasetyane kang didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu.
Explorar PANGANDHARING TORET 4:31
3
PANGANDHARING TORET 4:24
Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat kaya geni memangsa, Allah kang ambek butajengan.
Explorar PANGANDHARING TORET 4:24
4
PANGANDHARING TORET 4:9
Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lali marang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu.
Explorar PANGANDHARING TORET 4:9
5
PANGANDHARING TORET 4:39
Mulane ing samengko kowe padha ngawruhana lan nggatekna yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah ana ing langit dhuwur lan ana ing bumi ngisor, ora ana liyane maneh.
Explorar PANGANDHARING TORET 4:39
6
PANGANDHARING TORET 4:7
Awit ngendi ana bangsa gedhe kang allahe cedhak kaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita samangsa kita sambati.
Explorar PANGANDHARING TORET 4:7
7
PANGANDHARING TORET 4:30
Samangsa ing tembe kowe karubedan lan kataman samubarang iku mau, kowe banjur bakal mbaleni Pangeran Yehuwah, Gusti Allahu, sarta ngestokake dhawuhe.
Explorar PANGANDHARING TORET 4:30
8
PANGANDHARING TORET 4:2
Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe.
Explorar PANGANDHARING TORET 4:2