PURWANING DUMADI 1
JAV
1
Gusti Allah nitahake langit lan bumi dalah saisine kabeh
1:1--2:7
1Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahake langit lan bumi. 2Anadene bumi mau campur-bawur lan suwung, segara kesaput ing pepeteng, dene Rohe Gusti Allah nglayang ing sadhuwure banyu.
3Gusti Allah banjur ngandika: “Anaa pepadhang!” Tumuli ana padhang. 4Padhang mau dipirsani wus becik lan Gusti Allah banjur misahake padhang karo peteng. 5Kang padhang diparingi aran raina, dene kang peteng: wengi. Mangkono wus dadi sore lan esuk: dina kang kapisan.
6Gusti Allah tumuli ngandika: “Anaa pepenthengan ing antarane banyu, kang misahake banyu karo banyu.” 7Gusti Allah banjur yasa penthengan sarta misahake banyu kang ana ing sangisoring penthengan karo banyu kang ana ing sandhuwure penthengan mau. Lan banjur kelakon. 8Pepenthengan mau diparingi aran: langit. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kapindho.
9Gusti Allah banjur ngandika: “Banyu kang ana ing sangisore langit ngumpula dadi saenggon, supaya kang asat katona.” Banjur iya kelakon mangkono. 10Kang asat kaparingan aran: bumi, lan kaklumpukane banyu diparingi aran: segara. Kabeh mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga.
11Apamaneh pangandikane Gusti Allah: “Bumi metokna thethukulan, tetuwuhan kang ana wijine, wit-witan kang metu wohe warna-warna kang isi wiji ana ing bumi.” Banjur iya kelakon mangkono. 12Bumi banjur nuwuhake thethukulan, sawernaning tetuwuhan kang ana wijine lan sakehing wit-witan kang metokake woh kang isi wiji. Lan iku mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga. 13Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk: dina kang katelu.
14Gusti Allah banjur ngandika: “Ing pepenthengan langit anaa pepadhang kanggo merang rina lan wengi, lan padha dadia panengeran sarta titikaning mangsa kang tetep apadene dina lan taun. 15Karomaneh padha dadia pepadhang ana ing pepenthengan langit supaya madhangi bumi.” Lan iya kelakon mangkono. 16Gusti Allah yasa pepadhang gedhe loro, kang gedhe dhewe supaya mengkua ing wayah rina, lan kang kepara cilik supaya mengkua ing wayah bengi, mangkono uga lintang-lintang. 17Iku kabeh padha diprenahake dening Gusti Allah ana ing pepenthengan supaya madhangi bumi, 18lan supaya mengku wayah awan lan bengi, karomaneh kanggo misahake padhang lan peteng. Iku kabeh dipirsani Gusti Allah wus prayoga. 19Kaya mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping papat.
20Gusti Allah tumuli ngandika: “Ing banyu anaa makhluk urip kang pating kruwel uyel-uyelan lan bangsa manuk mabura ing sadhuwure bumi ngliwati pepenthengan.” 21Gusti Allah nuli nitahake kewan segara kang gedhe-gedhe lan sawernaning makhluk urip kang pating krogel ana ing banyu, apadene sawernaning manuk kang mawa suwiwi. Sarta iku dipirsani Gusti Allah wus prayoga. 22Kabeh banjur padha diberkahi dening Gusti Allah, pangandikane: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara ngebakana banyu segara, sarta bangsa manuk tangkar-tumangkara ana ing bumi.” 23Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping lima.
24Gusti Allah tumuli ngandika: “Bumi iki metokna makhluk kang urip warna-warna, kewan ingon-ingon, kewan kang rumangkang, lan gumremet sarta kewan alasan warna-warna.” Banjur iya kelakon kaya mangkono. 25Gusti Allah akarya sato-kewan alasan warna-warna, kewan ingon warna-warna, kewan kang gumremet ana ing bumi warna-warna. Sarta iku dipirsani dening Gusti Allah wus prayoga.
26Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.” 27Gusti Allah tumuli nitahake manungsa miturut gambare, anggone nitahake mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggone nitahake. 28Tumuli padha diberkahi lan dipangandikani: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna. Iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabehing sato-kewan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.”
29Karomaneh pangandikane Gusti Allah: “Lah ta sira iku padha Sunparingi sarupane thethukulan ing salumahing bumi kang mawa wiji lan sarupane wit-witan kang metokake woh mawa wiji, iku dadia panganira. 30Nanging sakehing sato-kewan ing bumi lan sakehing manuk ing awang-awang tuwin samubarang kang rumangkang ana ing bumi, kang kadunungan nyawa, iku Sunparingi tetuwuhan ijo kang dadi pakane.” Banjur iya kelakon mangkono. 31Gusti Allah tumuli mirsani samubarang yeyasane, lan kabeh wus prayoga linuwih. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping nem.
Kitab Sutji, Alkitab Jawa Formal © 1981, Indonesian Bible Society – Lembaga Alkitab IndonesiaLisätietoja käännöksestä Kitab Sutji